Materi 5 klas XI

<<TEMBANG MACAPAT>>

TEMBANG...

TEGESE TEMBANG yaiku tetembungan kang rinonce kaya dene kembang (Yudoyono, 1983:131).


JINISE TEMBANG

Wewaton buku Mbombong Manah anggitanipun R. Tedjohadisumarto, tembang jawa kaperang gangsal inggih punika:

Ø Sekar Ageng (Kakawin):

Kusumawicitra, Sudiradraka, Candrakusuma, Pamularsih, lsp

Ø Sekar Tengahan (Kidung):

Balabak, Wirangrong, Juru Demung, Kuswaraga.

Ø Sekar Alit (Macapat) :

Maskumambang, Mijil, lsp.

Ø Lagu Dolanan:

Lir-ilir, Jaranan, Gundhul-Gundhul Pacul, lsp.

Ø Sekar Gendhing :

Sekar Tanjung, Sekar Laras, lsp.

TEMBANG MACAPAT???

Tegese yaiku sawijine tembang kang macane, nyekarake, utawa nglagokake kapedhot papat-papat.


Tembang macapat thukul nalika zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangribawa saka Walisanga, tuladhane ing naskah saking Bali utawa Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang kaserat ing tahun 1334.

Karya sastra kang kaserat nganggo tembang macapat tuladhane:

- Serat Wedhatama / Mangkunegara IV

- Serat Wulangreh / Pakubuwana IV

-Serat Kalatidha / R.N. Ranggawarsita

Materi tembang part 1.pptx