Materi 8 klas XI

Materi Tembang Sabanjure...

Tembang macapat kadhapuk kanthi paugeran guru garta, guru wilangan lan guru lagu

a. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sakpada (satu bait)

b. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.

c. Guru Lagu yaiku tibaning swara pungkasaning gatra.


Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat yaiku :

1. Mijil : Kedadeyan saka 6 gatra : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

2. Kinanthi : Kedadeyan saka 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

3. Sinom : Kedadeyan saka 9 gatra : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

4. Asmaradhana : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

5. Dhandhanggula: Kedadeyan saka 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a

6. Gambuh : Kedadeyan saka 5 gatra : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

7. Maskumambang: Kedadeyan saka 4 gatra : 12i,6a, 8i, 8a

8. Durma : Kedadeyan saka 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a

9. Pangkur : Kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

10. Megatruh : Kedadeyan saka 5 gatra : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

11. Pocung : Kedadeyan saka 4 gatra : 12u, 6a, 8i, 12a


Materi bisa diwaca luwih cetha ana ing LKS kaca/halaman 11 nganti 13 ngenani tehnik panulisan tembang. Dene ana sing kurang mangerti bisa wapri WA kula.

Gladhen!

Gladhen ing daring iki mangsuli pitakonan ing "Gladhen Kabisan" kaca 14 nganti 16, romawi 1 nganti gladhen pengayaan. Wangsulane dikumpulake dadi siji neng ruang guru arupa kertas lembaran. Watesane 1 minggu kudu dikumpulake ben ora tempuk karo tugas liyane.

Semangat sinau, sapa sing temen bakal tinemu!