SINOM
Sinom watake wantah, tegese prasaja lan polos, amarga nggambarake bocah enom sing isih sinau urip.
Pangerten
Sinom, asale saka tembung "enom," nglambangake mangsa enom sing kebak pangarep-arep lan butuh tuntunan. Tembang Sinom asring digunakake kanggo pitutur, nasihat moral, ajaran budi pekerti, lan wewaler.Tembang Sinom uga ngemot piwulang babagan urip bebrayan, kekancan, lan tanggung jawab. Isine bisa arupa crita, legenda, utawa pengalaman pribadi sing bisa dadi kaca benggala tumrap para pamaca utawa pamireng. Kaendahan tembang Sinom ora mung dumunung ing pilihan tembung lan purwakanthi, nanging uga ing laras lan wirama kang bisa nentremake ati lan ngelingake marang nilai-nilai luhur.
Tuladhane tembang Sinom
Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
Ingsun uga tan mangkana, baliku kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teko nora nana undaking kabisan.
Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Nanging padha estokana, pitutur kang muni tu’ia, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.