GAMBUH
Tembang Kinanthi nduweni watak asih asuh, nggambarake bocah sing isih dituntun lan diparingi katresnan dening wong tuwa utawa guru.
Pangerten
Gambuh tegesé cocok, jumbuh, utawa sarujuk. Tembang iki nglambangake kahanan wis padha pa-ham lan nemu kecocokan, mligine ing sesambetan. Intine yaiku nemu jodho/keselarasan urip, sumadulur, lan rukun. Sumadulur ngemu teges kekancan/kekelu-argaan, dene rukun ateges tentrem tanpa konflik. Gambuh nggambarake sesambetan kang wis padha ngerti, tanpa paksaan, selaras, lan tentrem; minangka fase keselarasan kang ngluwihi katresnan, nanging wis padha paham lan rukun.
Tembang Gambuh uga ngelingake manungsa su-paya tansah njaga kerukunan lan keselarasan ing be-brayan. Iki amarga urip bebrayan mbutuhake rasa pangerten, tepa selira, lan gotong royong. Yen saben anggota bebrayan bisa njaga kerukunan, urip bakal tentrem lan ayem. Gambuh uga ngajari supaya ora mung ngutamakake kepentingan pribadi, nanging uga kudu mikirake kepentingan wong liya. Kanthi mangkono, bebrayan bisa urip kanthi harmonis lan sejahtera.
Tuladhane tembang Gambuh
Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon.
Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur kojur sayekti tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
Pitutur bener iku, sayektine kang iku tiniru, nadyan melu saking wong sudra papeki, lamun becik wurukipun, iku pantes sira anggo.
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang, kidang adigung pinasti, adiguna ula iku, telu pisan mati samyoh.
Sikidang umbagipun, angendelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angendelken gung ainggil, ula ngendelaken iku, mandine kalamun nyakot.