KINANTHI
Tembang Kinanthi nduweni watak asih asuh, nggambarake bocah sing isih dituntun lan diparingi katresnan dening wong tuwa utawa guru.
Pangerten
Kinanthi asale saka tembung "kanthi," tegese dituntun. Kinanthi nglambangake tahap urip nalika bocah diajari lan dituntun wong tuwa utawa guru kanthi katresnan lan kawigatèn. Watake lembut, sabar, lan kebak perhatian, cocog karo fase bocah sing durung mandiri lan butuh bimbingan. Kinanthi minangka fase tuntunan urip, katresnan ora mung dirasakake nanging uga ngarahake watak.
Mula, Kinanthi dadi gegambaran becik tumrap piwulang budi pekerti lan tata krama. Ing tembang Kinanthi, pitutur luhur asring kawedhar, ngemot nilai-nilai kabecikan, andhap asor, lan tresna marang sesama. Iki minangka sarana kanggo nuntun para mudha supaya bisa urip kanthi becik lan migunani ing masyarakat. Kinanthi uga ngemot pangajab supaya para siswa tansah eling marang piwulang sing wis ditampa lan bisa ngetrapake ing saben laku.
Tuladhane tembang Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.