Pangerten Tembang Macapat
Macapat minangka salah sawijining jinis tembang tradhisional sing wis dadi warisan budaya ing tanah Jawa. Tembang macapat iki sinebut tradhisional amarga kaiket utawa katata dening paugeran tartamtu, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Tegese, saben pada utawa bait ing tembang macapat iku nduweni struktur sing baku lan ora bisa diowahi sakepenake.
Saben pada ing macapat mesthi nduweni sawetara baris ukara sing diarani gatra. Saben gatra kasebut uga nduweni cacahing wanda utawa suku kata sing wis ditemtokake, sing diarani guru wilangan. Kajaba iku, saben pungkasaning gatra kudu dipungkasi kanthi swara utawa uni pungkasan sing wis ditemtokake, lan iki diarani guru lagu.
Mula, tembang macapat nduweni kaendahan lan karakteristik sing khas. Jeneng "macapat" iku dhewe asale saka cara nglagokake utawa maca tembang kasebut, yaiku "maca papat-papat". Iki nuduhake carane anggone maca utawa nglagokake tembang macapat iku kudu diwedharake kanthi andhegan saben patang wanda utawa suku kata. Cara iki ndadekake tembang macapat gampang dieling-eling lan dirasakake kaendahane.
M
A
C
A
P
A
T
M
A
C
A
P
A
T
Jinise Tembang Macapat
Tembang macapat iku salah siji warisan budaya Jawa sing kudu dirumat lan dijaga. Macapat ora mung munggahake rasa endah liwat swara lan tembange, nanging uga ngemot piwulang urip kang jero. Saben tembang nduwèni makna lan filosofi dhewe-dhewe, sing nggambarake perjalanan urip manungsa saka wiwit ana ing kandungan nganti tekan pungkasaning pati.
Kanthi mangkono, yen arep sinau macapat ora mung kudu ngerti titi laras lan guru gatra, nanging uga kudu mangerteni piwulang urip sing ana ing jerone. Saka kono, kita bisa njupuk pepeling lan tuntunan kanggo nglakoni urip kanthi luwih becik.
Maskumambang
Nggambarake wektu wong isih ana ing kandungan ibune. Koyok ngambang, durung ngerti lanang apa wadon, durung ngerti jagad.
Mijil
Tegese metu utawa lair. Iki nggambarake wektu bayi lair menyang donya, wiwit ngerti urip lan butuh pangayoman.
Sinom
Nggambarake jaman enom utawa remaja, wektu wong tuwuh berkembang lan miwiti sinau bab anyar-anyar.
Kinanthi
Asale saka tembung “kanthi” sing artine nuntun. Iki nggambarake wektu wong golek jati diri, butuh bimbingan supaya tekan cita-citane.
Asmaradana
Miwakili wektu wong ngerti rasa tresna lan wiwit nggoleki pasangan urip.
Gambuh
Tegese “jumbuh” utawa nyawiji. Iki nggambarake wiwitane urip omah-omah, loro wong nyawiji nganggo katresnan lan pepadhan.
Dhandhanggula
Tegese “dhandhang” iku wadhah lan “gula” iku legi. Iki nggambarake wektu puncak urip sing enak lan sukses, nanging kudu tetep imbang karo kabagyan rohani.
Durma
Tegese menehi utawa dharma. Iki nggambarake wektu wong miwiti urip migunani kanggo liyan, tumindak sosial.
Pangkur
Asale saka “mungkur” artine nyingkur utawa nyingkiri. Iki nggambarake wektu wong wiwit nyepetani urip, nyingkiri kesenengan donya lan nyedhaki Gusti Allah.
Megatruh
Tegese “misahake nyawa”. Iki nggambarake wektu pungkasan urip, nalika nyawa uwal saka badan.
Pocung
Nggambarake wektu badan manungsa dibungkus kain kafan (dipocong) kanggo disareake, pangeling yen kabeh wong bakal mati.