BENANG ABANG MAHABRATA
Ing jaman kuna, ana nagara agung kang aran Hastinapura. Nagara iku dipimpin karo resi mandraguna jumeneng Prabu Abiyasa. Prabu Abiyasa kagungan garwa cacahe loro, yaiku dewi Ambika lan dewi Ambalika. Dewi Ambika kagungan putra kang asma raden Destarata, dene dewi Ambalika kagungan putra kang asma raden Pandu. Amarga raden Destarata lair wuta, mula kang lenggah ing dhampar ratu iku raden Pandu.
Prabu Pandu uga kagungan garwa cacahe loro, yaiku dewi Kunti lan dewi Madrim. Amarga sawijining sumpah paukuman, Prabu Pandu ora bisa kagungan putra kanthi cara kang lumrah. Saka pitulungan resi Druwasa lan laku tapa brata, dewi Kunti miyosake putra kang telu cacahe yaiku raden Puntadewa, raden Bratasena, lan raden Janaka. Dene dewi Madrim, miyosake putra kembar kang asma raden Nakula lan raden Sadewa. Saduluran lima kuwi jumeneng Pandhawa, Pandu putra.
Nalika prabu Pandu kagungan putra cacahe lima, raden Destarata uga kagungan garwa kang asma dewi Gendari. Untunge, raden Destarata lan dewi Gendari ora ana sumpah kang njalari ora bisa kagungan putra mula Gendari putra ada 100 akehe. Pembarepe jumeneng asma raden Duryudana lan ragile kuwi bocah estri kang asmane putri Dursilawati. Sadulur 100 kuwi kawentar jumeneng Kurawa, Gendari Putra.
Sawise prabu Pandu seda, raden Destarata jumeneng ratu ing nagara Hastinapura. Prabu Destarata kagungan patih kang isih ana sadulurane saka garwane, yaiku Sengkuni–kang mase dewi Gendari. Amarga rasa sayang kang diduweni prabu Destarata linuwih gedhi marang anake saka anak kang mase–prabu Pandu, pungkasane para Kurawa ngrasa luwih ala lan julik marang pada Pandhawa.
Kanthi akal kang julik, Kurawa nantang Pandhawa dolanan dadu sing dibandari dening pamane Kurawa–patih Sengkuni. Mula para Pandhawa diakali sing pungkasane para Pandhawa diusir saka Hastinapura kanthi 12 tahun suwene, lan laku nyamar 1 tahun suwene. Ing mangsa pangusiran kuwi para Pandhawa nampa ilmu lan cobaan kang bisa dijupuk kanggo ngendhalekake hawa nepsu lan hakekat urip.
Mangsa paukuman mau rampung, Pandhawa njaluk bali hake kanthi alus. Nanging para Kurawa nolak, nganti perang gedhe ora bisa dicegah. Perang Baratayudha pungkasane kedadeyan ing palagan Kurusetra, suwene 18 dina. Para ksatria agung gugur, kalebu resi Bisma, prabu Durna, Adipati Karna, lan pungkasane Kurawa sirna.
Dhelengen kisah-kisah Crita Mahabrata liyane ing isor iki.