RAMA & SINTA
“Gusti ingkang murbeng dumadi, menawa tresnaku marang Sinta kuwi pamali, kenging punapa panjenengan nuwuhaken raos tresna kanthi mekaring agung wonten telenging sukma kula?!” kocap Dasamuka wektu nyawang Kraton Ngalengka kobong amarga kena gegempuran prajurit saka Gua Kiskendho.
“Aku ya tresna marang kowe Dasamuka, saka kowe sing beneh marang aku kanthi Nagara Ngalengka uga bisa dadi luwih bungah. Nanging aku ya isih tresna marang Kangmasku–Sri Rama, aku ora bisa blenjani tresnane kangmasku.” sahute Sinta ing lebete taman Argasoka.
Dasamuka katon welas, lan pasrah. Krungu yen Sinta uga tresna marang Dasamuka, atine wus bungah nanging kebak rasa gundah.
“Yen pancen kowe tresna marang sliraku, aku mung hanjaluk kekarepanku iki mbok turuti. Lilakna aku, bali marang Kangmas–Sri Rama.” tutuke Sinta lirih.
“Yowes, aku bakal ngulihna sliramu marang SriRama kanthi cara ksatriyan. Aku bakal mateni Rama.” jawabe Dasamuka manteb lan mantesi. Dene Sinta sing isih ing taman Argasoka, sendhekul nangis ngerasakna atine sing carut marut.
Kadadeyan kuwi kawujud saka lelakon Sri Rama melu sayembara ing Nagara Manthili. Prabu Janaka duweni putri sing ayune nyundhul langit–dewi Sinta.
“Sapa wae sing bisa ngangkat gandhewa kuwi, banjur manah rambut sing ana ing pucukane kraton Manthili kuwi–yen lanang bakal dakrabekna karo anakku–dewi Sinta, yen wadon bakal dakangkat dadi adhine dewi Sinta!”
Sayembara kuwi katon kawentar kanthi negeri Ayodya, panggone Sri Rama miyos. Wektu Rama ngerti ana sayembara kuwi, Rama nuwun pangestu marang bapa–Prabu Dasarata rumiyin sadurunge budhal menyang negara Manthili.
“Prabu Dasarata–rama kula, kula nedhi pangestu kajenge nyobi sayembara ing nagara Manthili. Kula nedhi pangestu kalancaran lan saged kasil kanthi sing kula karepaken, yeku mbeta wangsul dewi Sinta.” kocap Sri Rama
“Ya, anakku. Kowe dak wenehi pangestu. Budhalo lan dakdungakna kiwe kasil kanthi apa sing mbok karepna!” jawab Prabu Dasarata. Banjur Rama budhal menyang nagara Manthili ora dhewekan, nanging dikancani adhi sambunge–Leksmana.
Wektu Rama lan Leksmana wus ngancik ing nagara Manthili, dheweke isih kesengsem karo prayaan sing rinacik kaliyan sayembarane Prabu Janaka. Akeh wong sing adol dhaharan, priyasan, lan sak panunggalane kanthi gaman uga diadol.
“Iki menawa prayaan ing Ayodya uga isa luwih gedhi ya mas.” kocape Leksmana
“Isa wae, nanging kowe ora usah bandingna karo Ayodya. Ora sopan.” wales Rama
“Ya mas, dak luwih ati-ati yen ngomong”.
Ora krasa lumaku, wong loro kuwi wus ngancik kraton Manthili. Ing jero kraton kuwi ana lapangan amba sing wus kebak karo panantang sayembara. Ana raja-raja saka tlatah adoh, lan ana uga sing adu nasib.
“Putrine Prabu Janaka pancen ayu tenan ya!” kocap salah sijining pamilon sayembara.
“Lahyo, ayune jhan! Sundhul langit! Ora ana tunggale.” sahut liyane.
“Sayange dewi Sinta kuwi dudu anak sah. Dheweke kui anak angkat.” Ana sing nyaut kocapan.
“Ben anak angkat opo anak sah, sing utama kuwi awak dhewe yen bisa ngangkat gandhewa kuwi lak isa duwe bojo sing ayu banget!”
Rama lan Leksmana ngrungokna pacelatonan kuwi karo golek panggon sing cocok agawe nyawang para saingane kuwi.
“Mas, kuwi sawangen. Dewi Sinta tujune ayu banget ta! Cocok iki pancen kanggo sampeyan..” kocape Leksmana.
“Cocok wae, nanging ya isih kudu dakangkat sik iku–gandewa..” jawabe Sri Rama.
“Para panantang ingkang kinurmatan! Sumangga kita miwiti adicara sayembara punika kanthi bahagya! Kawula sumanggakaken, Ratu Manthili–Prabu Janaka! Dening Prabu Janaka, kawula sumanggakaken.” kocap pranata cara saka trah Manthili kuwi.
Ratu Manthili–Prabu Janaka menehi ukara pambuka lan matur nuwun, amarga kathah panantang sing dumugi ing negeri Manthili. Prabu Janaka uga semaya yen sayembara iki tenanan, ora ana sing ditutup-tutupi. Menawa bisa manah rambut ing pucuke kraton Manthili–yen dheweke jaka, bakal dirabekna karo dewi Sinta, dene prawan bakal diangkat anak dening Prabu Janaka.
Sawise menehi pambuka, Prabu Janaka banjur nyumanggakna para panantang sing wus ngenteni. Para panantang kuwi ora sabar agawe nyoba ngangkat gandewa sing gedhine meh pada karo dhuwure para prajurit Manthili.
Siji-siji, para panantang gugur saka sayembara lantaran ora ana sing bisa ngangkat gandewa gedhi kuwi. Menawa ana sing sanggup ngangkat, nanging dheweke ora bisa narik panah saka gandewa kuwi.
“Mas, sampeyan ora deg-degan?” takone Leksmana
“Menawa diarani ora deg-degan ya ngapusi aku..” jawabe Sri Rama.
“Gage wis mas, wektune sampeyan..”
Sri Rama munggah ing palagan. Karo jangkah sing manteb, Sri Rama nuwun pitulungan para dewa ben isa dilancarna kekarebane. Wektu Rama nyekel gandhewa kuwi, dheweke krasa yen gandhewa kuwi gaman suci saka dewa Siwa. Mula Rama nuwun pangestu marang dewa Siwa ben isa ngangkat gandhewa kuwi.
Banjur gandhewa kuwi diangkat dening Rama, lan Rama nyoba narik gandewa kuwi. Dilalah saking kuwate Rama narik, gandewa kuwi tugel. Rampunge, sayembara kuwi ditunda amarga Rama ngrusakna gandewa Siwa kuwi.
Prabu Janaka ngutus para prajurite gawe nyekel Rama amarga wus marai nunda sayembara–nugelna gandewa Siwa.
“Para panantang ingkang minulya! Aku, Prabu Janaka nuwun agunging pangapunten! Sayembara iki dakrampungna saiki, amerga gandewa sing dienggo sayembara wus tugel. Sayembara iki WUS RAMPUNG!” bentak Prabu Janaka.
Para panantang saya protes, ana sing ora trima yen ana sing bisa nugelna gandewa, uga ana sing durung nyoba sayembara. Para prajurit Manthili nyobi ngerih-erih para panantang ben ora ngamuk nganggo cara menehi kompensasi arupa diskon ing pasar Manthili. Gelem ora gelem, para panantang mundur saka palagan. Nampa kasil sing ora dikekarebne.
Ing panggone Rama, Rama dijaluki kaseksen. Kok bisa gandewa Siwa tugel wektu ditarik dening Rama.
“Kula mung nedhi pangestu marang dewa Siwa.. Kula mangertos yen gandewa kuwi gaman suci dewa Siwa, wekdal kula cepeng. Mula kula wantun nedi pangestu marang dewa Siwa.”
Para prajurit isih mangu, amarga ora ngerti yen gandewa kuwi gaman suci dewa Siwa. Banjur Prabu Janaka sing dikancani putrine–dewi Sinta, niliki Sri Rama.
“Pie caramu ngerti yen iku gaman sucine dewa Siwa?” pitakone Prabu Janaka
“Kula mung nedhi pitulungan para dewa, banjur nyepeng gandewa kuwi. Dilalah wonten bisikan, yen gandewa kuwi gaman suci dewa Siwa.” jawab Rama manteb.
Dewi Sinta sing nyawang tiyang loro pacelathonan, kesengsem karo gantenge Rama. Dene Rama uga nglirik dewi Sinta sing ayune pancen nyundul langit. Kelorone banjur pada tresna ing panggon kuwi.
Prabu Janaka krasa yen dewi Sinta nyawang Sri Rama kebak katresnan. Banjur nyawang Rama sing wis nugelna gandewa iku mau.
“Ngene, kowe tak cekel dhisek. Menenga kene, aku arep tapa dhisek ben oleh pitutur saka para dewa.”
“Nggih prabu, kula bakal teng mriki mawon.” Jawabe Rama sing ora ana ragu lan gupuh. Prabu Janaka lan dewi Sinta metu saka mbale kuwi.
“Nduk, kowe tresna marang jaka kuwi?” pitakone Prabu Janaka marang putrine.
“Nggih, prabu.. Kula tresna marang dheweke. Menawa panjenengan wenehi pangestu, kula pingin dados garwane, prabu.”
“Yawes, entenana ing kamarmu. Aku daktapa dhisek kanggo oleh jawaban saka para dewa.”
Prabu Janaka banjur tapa ing kamar pertapan. Nedhi pitulungan lan jawaban saka para dewa. Apa bener, jodhone Sinta kuwi jaka sing jumeneng Rama?
“IYA” Jawaban singkat kuwi dadi tandha yen Sri Rama pancen bener jodhone Sinta.