Paramasastra S2
Wujud Ukara
1. Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara sing nduweni mung siji gagasan, dumadi saka Jejer lan Wasesa, uga bisa diarani ukara sing mung dumugi saka saklausa. Ing sakjroning basa Jawa, ukara sing rinacik saka 2 tembung (Jejer lan Wasesa) wis bisa diarani ukara. Dene ing basa Indonesia, tembung sing rinacik saka 2 tembung (Subyek lan Predikat) isih durung bisa diarani ukara.
Ukara lamba uga bisa dumadi saka Jejer, Wasesa, lan Lesan supaya dadi ukara sing ketata. Fungsi Lesan ing ukara mung menehi pangerten marang ukara. Tembung Gagenep lan Katrangan uga bisa njangkepi ukara lamba.
2. Ukara Camboran
Ukara camboran yaiku ukara sing nduweni gagasan luwih saka siji, bisa uga nduweni pola sing luwih saka siji (J,W,L,K 2x; lsp). Ana 3 werna ukara camboran, yaiku:
2.1 Camboran sadrajad
Camboran sadrajad Ukara camboran sadrajat yaiku ukara kang dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih kang isih madeg dhewe-dhewe nanging isih ana gandeng cenenge. Ukara camboran sadrajat wujude ana telu, yaiku:
Sarana tembung pangiket kang samurwat: lan, karo, dene, sarta.
Sarana tembung pangiket kang mratelakake kosok balen: nanging, ewasemana, kosok balene.
Sarana tembung pangiket kang mratelakake sebab akibat: mulane, sebab, jalaran, amarga.
2.2 Camboran raketan
Ukara camboran raketan yaiku ukara camboran kang kalungguhan tembunge dikandhakake sepisan utawa ora dibaleni maneh.Ukara camboran raketan wujude ana papat, yaiku:
Raketan jejer
Raketan wasesa
Raketan lesan
Rakeran katrangan
2.3 Camboran susun
Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih, nanging ukara sing siji dadi katrangan ukara liyane. Ana klausa sing dikuasani (anak kalimat) lan klausa sing nguasani (induk kalimat).
3. Ukara Kandha
"Ukara kandha" iku ukara utawa kalimat sing isiné nyritakake tembung (omongan) wong liya, utawa bisa diarani ukara petikan langsung utawa paraphrase tembung. Biasane ana tandha kutipan yen ditulis.
Ciri-cirine:
Isiné tembung (omongan) saka wong liya.
Biasane nganggo kandha, ngendika, ngandika, ujar, matur, lsp.
Kadhangkala nganggo tandha petik (" ") kanggo ngetokake isi omongan.
Conto:
Pak Guru kandha, "Aja lali sinau saben dina."
Mbokne matur, "Aku ora lunga dina iki."
4. Ukara Crita
"Ukara crita" iku ukara kang digunakake kanggo nyritakake sawijining lelakon, kedadean, utawa tindak tanduk sawijining paraga. Bisa nyritakake kejadian biyen, saiki, utawa mengko.
Ciri-cirine:
Isiné nyritakake tumindak utawa kahanan.
Bisa nganggo tembung kriya (kata kerja) kados: tindak, mangan, lunga, turu, lsp.
Ora ngetokake tembung langsung saka paraga, nanging nyritakake tindakane.
Conto:
Dina Senen kepungkur, Rina lunga menyang pasar.
Bapak njupuk payung amarga awane mendhung.
Joko dolanan bal karo kancane.