PANGKUR
Tembang Pangkur nduweni watak tegas lan mantap, nggambarake wong diwasa sing wis bisa ninggal hawa nepsu lan tanggung jawab marang uripe.
Pangerten
Pangkur, saka tembung "mungkur" (mundur), nglambangake manungsa diwasa sing ninggal kasenengan donya. Iki nuduhake ketegasan sikap lan pengendalian diri, dudu kesedihan.Watak Pangkur iku digambarke minangka pribadi sing wis mateng, bisa ngendaleni hawa nafsu lan nepsu. Sanajan wis ngalami pahit getir urip, nanging tetep teguh lan ora gampang kagodha. Pangkur uga nglambangake kawicaksanan lan pengalaman, dadi sumber piwulang kanggo wong liya.
Tuladhane tembang Pangkur
Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo ing wong urip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana, adat waton puniku dipun kadulu, miwah ta ing tata krama, den kaesthi siyang ratri.
Deduga lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu tan kena tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra, duga-duga aja kari.
Miwah ta sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kentun, kanggo sadina-dina, rina wengi neng praja miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambekan, papat iku aja lali.
Kalamun ana manungsa, tan anganggo ing duga lan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak nora wurung neniwasi.
Pan wus watake manungsa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna mininipun, pan dadi panengeran ingkang pinter kang podho miwah kang luhung, kang sugih lan kang melarat, tanapi manungsa singgih