Assalamualaikum Wr. Wb, Sugeng Enjing,
Piye Kabare dina iki? Muga sehat-sehat kabeh..
Supaya karangan tulisan utawa pocapan bisa narik kawigaten pangrungu utawa pamaca perlu nabahi pangrakite basa nganggo tembung-tembung kang endah kang kadhapuk saka perangan kagungan basa. Tuladhane tembung-tembung kang endah kasebut kaya ing gisor iki:
Wangsalan
Wangsalan yaiku tembung-tembung kang saemper karo cangkriman nanging batangane s dikandhakake ing ukara candhake. mung nalika ngandhakake ora kanthi melok, nanging mung disebutake sawanda utawa luwih. Adhedhasar padhapuke ukara, wangsalan kaperang dadi:
a. Wangsalan lamba, tuladhane: Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh (njanur gunung=aren.
b. Wangsalan rangkep, tuladhane: Kulik priya, wanara Anjani putra. Tuhu eman, wong enom wedi kangelan (Kulik priya=tuhu, Anjani putra=Anoman.
Basa Rinengga
a. Basa Rinengga uga diarani basa paesan utawa pacakan. Basa rinengga yaiku basa-basa sing digawe luwih bregas, endah kanthi cara diowahi nganggo ukara liyane kang luwih alus. Tuladha: Majuwa sayuta ngrasa sakethi wuri (tegese: aku kroyoken)
Purwakanthi
Purwakanthi iku dumadi saka tembung purwa kang tegese wiwitan lan kanthi kang ateges loro, nganggo, lan ga,ndheng. Dadi tegese gandheng karo kang ngareputawa gandheng swara kang mburi karo swara kang wis kasebut ing ngarep. Purwakanthi ana 3, yaiku:
a. Purwakanthi guru swara, purwakanthi kang padha swara pungkasane tembung, tuladhane: Aja dahwen ati open. Wiwit kuncung nganti gelung.
b. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang padha konsonane saben kawitan wanda tuladhane: Sing sapa salah seleh, Sluman slumun slamet.
c. Purwakanthi guru basa(lumaksita) yaiku purwakanthi kang padha tembunge ateges tembung pungkasan ukara kang ngarep dadi tembung wiwitan utawa candhake, tuladhane: Bayem arda, ardane ngrasuk busana. Raja putra, putra ratu Lesanpura.
Parikan
Parikan yaiku tetembungan kang nduweni paugeran ajeg kayata cacahe wanda ukara kapisan padha karo ukara kaloro, uara ngarep ngarep minangka bebuka dene ukara kaloro minangka surasane, lan tibane swara ukara pungkasane padha. Tuladhane: Tuku jambu apa jeruk, aku melu apa entuk. Bisa nggambang ora bisa suli, bisa nyandhang ora bisa nyandhing.
Dakkira cukup semene wae, piwulangan dina iki. Njaluk tolong diwaca lan dimangerteni kanthi tumemen.
Ketemu maneh minggu ngarep. Muga tansah semangat kanggo nggayuh elmu.
Sugeng Enjing. Assalamualaikum Wr. Wrb.