Ayo nyimak lan ngidhentifikasi teks non sastra lan wewatakaning basane
Sabubare kita kabeh ngrembug titikan umum bab basa sing biasa digunakake ana sajerone teks sastra, kalodhangan sabanjure kita bakal niteni lan ngrembug bab basane teks non- sastra. Tamtu sing bakal kita tindakake, nembe titikan utawa wewatakan kang asipat umum wae.
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tumemen!
Nrima ing Pandum
.........................
Ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget, wis ora kurang- kurang anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa. Wong kasebut kadhang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi nandhang kahanan kang kaya mangkene iki, lumrahe banjur susah lan ngresula. Jalaran wong mau ora bisa nampa kahanan kanthi eklas. Bisa-bisa pikirane wong mau malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora adil. Beda, yen manungsa eling marang pitutur narima ing pandum, senajan susah lan ngresula ora bakal kedawa-dawa. Wong mau ora kebacut mutung, enggal-enggal nrima lan pasrah mring kuwasaning Gusti Allah. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen kabeh mau mung wujud pacobaning urip. Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, malah tansaya sengkut anggone makarya lan tansaya gentur anggone ndonga. Awit wong kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong kang sabar,nrima lan eklas nampa pacobaning urip.
Cethane, ngecakake unen-unen nrima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara gang gampang. Sing bisa nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang tansah caket mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yen manungsa mono mung saderma nglakoni.
1) Sarampaunge maca apa ana tetembungan kang ora kokngerteni tegese?
2) Adhedhasar teks ing dhuwur kepriye kang diarani wong nrima ing pandum?
3) Kepriye lumrahe wong kang lagi nandhang kapitunan?
4) Kepriye supaya kita bisa nampa kasunyatan?
Para siswa kabeh, sawise kita simak teks mau bisa kababar yen:
Beda karo basaning teks sastra kaya kang sadurunge, teks kaloro iki nuduhahe panggunane peranganing basa kang asipat denotatif, nduweni teges padha karo teges sing bisa kawaca sajerone bausastra, utawa padha karo basa lumrah saben dinane. Pancen ana peranganing basa kang asipat satrawi, ning arang banget. Akeh-ekehe, nggunakake basa kang normatif, lugu. Mula saka iku basaning teks asipat prasaja, tegese gampang dingerteni. Perangan musikalitas utawa wirama, senajan ana, arang wujude, ora pati ditengenake. Kejaba watak umum mangkono, isih ana maneh wewatakane sing asipat mligi utawa khusus. Coba golekana wewatakan liyane!
Sawijine teks sastra kanggo nambah ajine, pancen kerep banget migunakake perangan basa rinengga apa dene panyandra kang laras karo isine. Ewa semana, panggunane basa rinengga dalah panyandra mau tetep kudu laras karo konteks kang nyengkuyung pandhapuk sarta panganggone.
Basa rinengga tegese basa kang dipaes, direngga, utawa didandani ben dadi lan apike. Wis kita ngerteni yen kanggo mujudake basa kanthi rasa pangrasa lan endahe basa, kita mbutuhake sarana khusus. Padatan kita nggunakake sarana arupa basa rinengga kayata : tembung entar, saroja, kawi, purwa kanthi, saloka, paribasan, bebasan, pepindhan, wangsalan, panyandra lan sapanunggalane.
Ing pasrawungan saben dina mesthine kita perlu ngesokake panemu, gagasan apa dene pangrasa marang sapadha-padha utawa ing pasrawungan tartamtu. Ngesokake panemu, gagasan apa dene rasa pangrasa bisa kaandharake kanthi basa sastra lan basa non sastra. Nalika kita nganggep yen ana perlune migunakake basa rinengga, peranganing basa rinengga kaya tuladha ing bagan mau bisa kita wedharake manut apa lan kepriye butuhe.
Tetembungan utawa ukara kang kalebu basa rinengga panganggone pancen kadhapuk kanggo nengenake watak endahing basa, ewa semono uga nduweni piguna kanggo mbangetake karep, kejaba nambah nges-ing rasa. Dununge akeh-akehe ana sawijine teks kang asipat susastra. Salah sijine tuladha teks sastra kaya ing ngisor iki.
Wacanen kanthi kebak pangrasa pethikan teks ing ngisor iki
Kaladuking panyandra ayuning patah sakembaran kaya widadari tumurun, tansah asung puji pangastuti dhumateng sri penganten sekaliyan mugi tansah kinalisaken ing sukerta, cinaketna ing nugraha nganti tumekaning kaki-kaki lan nini-nini, tansah tinangsulan reh darmaning palakrama awewaton wetahing sutresna ingkang suci. Gebyar- gebyar pating pancurat pating palancur kadi taranggana silih sasana, endah edi raras kawuryan, lah punika ta angagemane sri penganten sarimbit. Sri penganten kakung mangagem makutha (dhestar rukmi ginepeng), pinatik kumala, pinatut dening sesumping kembang kanthil miwah dhasi munggwing jangga lir ginupit, datan kantun ngagem sangsangan kencana ingkang carub wor kalawan sangsangan puspita rinonce munggwing jangga tumumpang pamidhangan kanan kering, kawuryan ngegla yayah taksaka munggwing situ banda layu, kaya ula kang ngleker ing uwit, wimbuh saya akarya bregasing penganten kakung. Atela corek langenarjan awarni kresna sinulam benang kencana pating calorot cahyane kena soroting pandam kurung ing madyaning pahargyan yen ta cinandra pindha gumelaring akasa kang kebekan taranggana. Paningset cindhe puspita, epek baludru pinalipit rukmi pinetha modangan (untu walang), wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi sinosotya, dhuwung tinatah tinatu rengga sarta sinung gegombyok puspita rinonce, ebah-ebah kinarya lumaksana kadulu saya amimbuhi pekiking penganten kakung, nyamping sidamukti pinarada, kacihna lamun nedya sesarengan nggayuh kamukten apancadan kaleksananing palakrami.
Temanten putri dedege sedheng ora dhuwur ya ora cendhek sayekti wimbuh hamantesi, sasolahe milangoni, lelewane nuju prana, rinengga ing busana edi endah, ngagem cundhuk awangun wulan tumanggal tinarates sesotya pinatut kalawan cundhuk mentul ingkang tansah ebah-ebah yen kinarya lumampah, kalamun cinandra kadi anggane wong ayu kang lagya ngawe-awe bebedhangane. Ukel rinengga ponang puspita endah kawuryan asri yen dinulu.
Sangsangan rukmi ingkang kinarya tiba dhadha, pinatik-patik sesotya, satuhu karya lam-laming kang samya humiyat. Kebayaknya awarni langking sinulam benang kencana kembar padha irenge kaliyan busanane temanten kakung. Cetha kalamun panganten sarimbit wus saruju boboting katresnan, mila jroning lumaksana tansah pepuletan asta datan ginggang sarekma pinara sasra, ajrih uwal kalawan ingkang garwa dhasar timbang rasa tresnane. Tandang tanduke rasa lumaksanane panganten ingkang tansah runtang-runtung rerentengan dhumateng sagunging para taruna satemah enget marang pepacangane, panglocitaning wardaya yen ta kawedhar ing lathi, ―Suk kapan bisa dadi manten kaya dina iki ? Tansah gawang-gawang raketing sih katresnan‖. Para werdha ingkang uninga sri penganten sarimbit satemah enget mring darmane, gya paring pepuji,
―muga tutuga anggenira jejodhohan, lestari nganti purnaning mangsa, sih kinasihan kadya angganing mimi kang lagya amintuna‖.
1) Tulisen tetembungan kang kalebu basa rinengga saka teks wacan ing dhuwur!
2) Klompokna tetembungan kang wus kotulis mau manut jinise basa rinengga!
Perangan 3 : Ninthingi (Nganalisis) Basa Rinengga
Manekawarnane basa rinengga kaya kang wis kotemokake ing garapan lan cuplikan teks ndhuwur, manut golongane nyata yen dhapukane beda-beda.
tuladha:
Tembung purwakanthi: dhapukane saka tembung purwa lan kanthi, tegese tetembungan kang runtut swara, wanda utawa tembunge.
Wujude ana telu:
i. Purwakanthi guru swara, kang runtut swarane
= èciri wanci lelahi ginawa mati
ii. Purwakanthi guru sastra, kang runtut sastra (aksara)-ne
= è ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa
iii. Purwakanthi guru lumaksita, kang runtut wanda utawa tembunge
= è kolik priya priyagung Anjani putra
Gladhen!!
Sabanjure kang kagolong jinise basa rinengga liyane terangna kaya tuladha sing wis dijlentrehake sajeroning bagan! panjlentrehan wis jangkep ana ing perangan ndhuwur, becik diwaca dhisik.
Wangsulan pitakonan ing perangan 1 lan gladhen dikumpulake nalika wayah tatap muka. Katulis ing lembaran lan dikumpulake barengan sakelase dadi siji.