Assalamualaikum Wr. Wb, Sugeng Enjing,
Piye Kabare dina iki? Muga sehat-sehat kabeh..
Ana ing pepanggihan dina iki bakal ngrembug Teks Deskripsi sajrone PANGANAN TRADISIONAL.
Ana sing isih eling apa iku teks deskripsi?
Yaiku sawijine wacan utawa tulisan kang bisa nggambarake kahanan utawa barang kang dicritakake, wacan utawa tulisan kasebut uga nduweni ancas/tujuwan supaya pamaca melu weruh utawa ngrasakna apa kang diwedharake sajrone wacan kasebut.
Teks deskripsi uga nggunakake tetembungan kanthi cetha lan kaprinci.
Klepon yaiku salah sawijine panganan tradisional kang kalebu jajanan pasar. Klepon digawe saka tepung beras ketan lan digawe bunder kaya bal cilik lan tengahe diiseni gula jawa banjur digodhog ing jero banyu umeb. Yen wis kemambang ing nduwur banyu banjur diangkat lan dicawisake karo parutan krambil. Biasane klepon dicawisake ing godhong gedhang. Klepon kalebu panganan tradisional sing disenengi. Yen dipangan, gula jawa ing njero klepon muncrat lan ngasilake rasa legi.
Sawise maca teks ing ndhuwur, apa kang kokweruh saka teks ing ndhuwur? Teks ing ndhuwur teks deskripsi. Teks deskripsi ora eda karo liyane. Nanging, ana bab kang mbedakake antarane teks deskripsi lan teks liyane, yaiku:
Nggambarake sawijine bab.
Anggone nggambarake sawijine bab dilakokake kanthi cara menehi rangsangan kabeh panca indrane manungsa.
Nggawe pamaca utawa pangrungu bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab sing digambarake.
Nduweni pola pangrembakan spasial lan objektif. Spasial yaiku pola pangrembakan adhedhasar urutan wektu, dene objektif yaiku pola pangrembakan adhedhasar papan lan posisi panganggit sajrone nyawang sawijine bab.
Kaya teks liyane teks deskripsi nduweni unsur padhapuk utawa unsur kang mangun teks kasebut. Unsur padhapuk teks deskripsi ana 4, yaiku:
Isi
Isi paragrap teks deskripsi ngliputi topik lan urutan pangrembakan. Sawijine topik bisa nduweni sumber saka pengalaman, kawruh, imajinasi, panemu, keyakinan, lan fakta. Sajrone topik dirumusake dadi sub topik saengga dadi cengkorongan kang apik.
Organisasi isi
Yaiku pangolahane ahan, ngatur, ngrembakake, lan nyusun struktur kang bisa dinalar, becike kudu nengeake kohesi lan koherensi. Kohesi yaiku sususunan utawa gegayutan ukara kang bisa dinalar. Gegayutan pikiran kudu nyawiji, wutuh lan kompak. Kohesi bisa diwangun saka saka tembung panghubung, tembuh sesulih,lan tembung kunci (repetisi). Dene koherensi yaiku ukara siji lan sijine nuwuhake gegayutan timbal balik kang bisa dinalar sarta cetha ngrembug sawijine gagaan utama.
Diksi
Yaiku pamilihe tembung bisa ndadekake karangan dadi saya apik. Gunane kanggo ngandharake panemu saengga bisa tuwuh efek-efek tatamtu kaya sing dikarepake. Supaya bisa nggaw teks deskripsi sing apik lumantar diksi, ana saperangan bab kang kudu digatekake yaiku trep anggone milihb tembung kanggo ngandharake panemu utawa bab kang wigati.
Impresionisme
Impresionisme nampilake rong bab. Sing kawitan anane objek kang digambarake. Objek kang digambarake iku sumbere saka pengalaman, pengamatan, imajinasi, lan liya-liyane . Sajrone teks dekripsi penggambarane objek kudu bisa narik kawigaten, saengga bener-bener bisa diweruhi, dirungokake, diwaca, lan dirasakake dening pamaca. Kapindho, anane princenan marang objek kang digambarake. Princenan kasebut bisa awujud tetenger utawa princenan objek. Saka pricenan kasebut bakal nuwuhake sawijine teks deskripsi kang nyenengake lan bisa njangkepi anane teks deskripsi kang duweni tetenger khas.
Dakkira cukup semene wae, piwulangan dina iki. Njaluk tolong diwaca lan dimangerteni kanthi tumemen.
Ketemu maneh minggu ngarep. Muga tansah semangat kanggo nggayuh elmu.
Sugeng Enjing. Assalamualaikum Wr. Wrb.