Assalamualaikum Wr. Wb, Sugeng Enjing,
Piye Kabare dina iki? Muga sehat-sehat kabeh..
Anggone nulis teks deskripsi kabutuhake kaprigelan utawa kawasisan tumrap kagunan basa, ancase supaya bisa ngasilake ukara-ukara kang nuwuhake daya pangrasa. Peranga paling cilik saka tatanan basa yaiku tembung. Mula supaya luwih mangerteni bab kawruh kagunan basa sing digunakake nulis ukara sajrone paragrap deskripsi, setitekna perangan-perangan tembung ing ngisor iki!
Tembung Saroja
Tembung saroja tegese tembung loro kang padha tegese dirangkep dadi siji. Tuladha: Tangga teparo, lara lapa, angkara murka, dur angkara, lali luput.
Tembung Cangkriman
Tetembungan utawa unen-unen sing kudu dibatang kekarepane amerga tembung kasebut nduweni teges ora sabenere. Jinise ana 4, yaiku:
a. Cangkriman wancahan (cekakan) Tuladha: Pakboletus=tepak kebo, lelene satus
b. Cangkriman pepindhan (irib-iribane barang) Tuladha: sega sakepel dirubung tinggi=salak
c. Cangkriman tembang. Tuladha: Bapak pocung, sasedulur ana pitu, mati enem urip siji, dulur pitu nate urip bebarengan (Batangane dina)
Tembung Sanepa
Tetembungan utawa unen-unen sing kedhapuk saka tembung kahanan lan tembung aran nanging nduweni teges kosok balen karo kahanane. Tuladha: arum jamban, pait madu, atos debog.
Tembung Wangsalan
Tetembungan sing saemper cangkriman nanging batangane wis dikandhakake ing ukara candhake. Adhedhasar padhapuke ukara, kaperang dadi 4:
a. Wangsalan lamba. Tuladha: jenang gula, kowe aja lali (jenang gula = glali), sekar aren aja dangu-dangu (sekar aren = dangu)
b. Wangsalan rangkep. Tuladha: kulik priya, wanara Anjani putra. Tuhu eman, wong enom wedi kangelan (kulik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman
c. Wangsalan kang tinemu ing tembung.
d. Wangsalan sing kanggo sasmitane tembang.
Kawruh kagunan basa uga ngliputi tembung lingga, andhahan, rangkep, lan camboran.
Tembung lingga
Tembung kang isih wutuh durung ana tambahan apa-apa, tembung kang isih wutuh, wungkul, utawa asli.
Tembung andhahan
Tembung kang wis owah saka asline amerga ana imbuhan kang ngowahi. Imbuhane ana 4 yaiku:
a. Ater-ater yaiku imbuhan kang mapan ing ngarepe tembung lingga. Ater-ater ana 14 yaiku: a-, ma-/mer, m-(N), anuswara, tripurusa, ka-, ke-, pa-, pi-, pra-, tar-, su-, kum-, kapi-, lan kami-.
b. Seselan yaiku imbuhan utawa tambahan kang dipapanakesatengahe tembung, seselane ana 4 yaiku -um-, -in-, -er-, lan -el-.
c. Panambang yaiku imbuhan kang mapan ing mburine tembung, jinise -i/-ni, -a, -e, -en, -na, --ana, -ane, -ake lsp
d. Imbuhan sesarengan yaiku imbuhan kang wujude ater-ater lan panambang kang kawuwuhan ing tembung lingga kanthi cara bebarengan. Jinise ana 2 yaiku, Imbuhan sesarengan rumaket, lan imbuhan sesarengan renggang.
Tembung rangkep
Tembung kang diucapake pindho utawa dobel saperangan utawa sakabehane. jinise ana 3, yaiku:
a. Dwilingga yaiku tembung sing dirangkep linggane utawa asline.
b. Dwipurwa yaiku tembung sing dirangkep purwane utawa ngarepe.
c. Dwiwasana yaiku tembung sing dirangkep wanda mburine.
Tembung camboran
Tembung kang loro utawa luwih kang dicambor utawa dicampur dadi siji lan nduweni teges anyar, jinise ana 2 yaiku:
a. Camboran wutuh, tembung camboran kang tembunge isih wutuh. Tuladhane: edi peni, mas picis, sura laya
b. Camboran tugel, tembung camboran kang dumadine diwancah utawa disingkat. Tuladha: dubang=idu + abang, bangjo= abang + ijo
Cekap samono wae pasinaon dina iki, ketemu maneh minggu ngarep. Muga tansah semangat kanggo nggayuh elmu.
Sugeng Enjing. Assalamualaikum Wr. Wrb.