Bacute saka teks non sastra yaiku basa Rinengga wingi, saiki nyinaoni praktek maca teks Panyandra.
Cobanen mraktekake pamacane teks panyandra kanthi kanthi kabisanmu dhewe lan percaya marang kabisane pribadi wacanen kanthi kebak rasa pangrasa! Kanggo dokumen tumrap sekolah, solah bawa lan swaramu nalika maca teks panyandra, rekamen nganggo kamera video utawa HP gentenan karo kancamu!
Gegebengane pambiwara, ya sliramu sing lagi maca panyandra, dipersudi utawa diupayakake murih jangkepe mapan dadi pambiwara kang mumpuni:
1) Nyinau kawruh babagan tatacara sarta upacara adat tradisional panyandra manten, subasita, kawruh basa, paramasastra, lsp. teks bisa nggolek saka internet.
2) Swarane gunem sing cetha, wijang, sarta gampang disurasa utawa dingerteni.
3) Syukur bisa laras karo gendhing pangiring, utawa titen gendhing.
4) Prigel ngungak swasana murih penake sing padha wuninga.
5) Anoraga kebak subasita, sareh ing lampah, sabar ing manah.
6) Napas katata.
7) Swarane sareh ora ngaya, ora kesusu.
8) Cetha pocapane, wijang ukarane.
9) Migunakake swara kang sinurung hawa saka weteng (suara perut).
10) Rasaning ati, kumawula.
Vidheo iku mau diupload ana ing instagrame dhewe-dhewe, Sajrone postingan diwenehi caption/tulisan/seratan:
Jeneng jangkep
Kelas lan jurusan
lan "Vidheo iki digawe kanggo njangkepi tugas praktek panyandra basa Jawa SMK Islam Krembung".