Sugeng Enjing,
Kepriye pawartane sampeyan kabeh??? saiki bakal sinau Basa Rinengga kang luwih munjer.
Ana sing eling Basa Rinengga Wingi apa?
Wingi lak sampun diparingi materi ngenani teks Non-sastra..
Kala wingi sampun sinau ngenani identifikasi karakteristik basa Non-sastra, jinis lan panganggone basa Rinengga... iya apa ora???
Ana sing kemutan ana pira jinise basa Rinengga Mas, Mbak??
Iya ana 9 macem jinise basa Rinengga. aa=pa wae?
Entar
Saroja
Kawi
Purwakanthi
Saloka
Paribasan
Bebasan
Pepindhan
Wangsalan
Saiki cuba gaweya ateges rakiten perangan basa rinengga iki dadi 2 paragraf, 1 paragraf kalimat kasusun minimal saka 3 ukara pungkasan tanda koma (kalimat penjelas) lan 2 ukara pungkasan tanda titik (kalimat utama). :
Kebo nusu gudhel
Gedhe bunge tinimbang pringe
Bebasan sedhakep ning awe-awe
Kacang lali kulite
Kaya banyu lugur neng godhong talas
Gedhe Ndhase
Garapen tetembungan ing ndhuwur, dirakit dadi paragraf. Tuladhane:
Isuk tempe sore kedhele.
Dawa tangane
Rakitane:
Yen ndheleng saka tumindake saben dinan. Aryo kuwi jebule mencla-mencle omongane, cara isuk ngono tempe nek sore kedhele, ora kena dicekel omongane. Wingi jare isuk budhal sekolah pamitan neng Ibuke, ning tekan sekolah ora tau melebu. Paling pol melebu 2 dina nglimpute 4 dina. Peh.. Peh... Hla bengine malah konangan aku neng warung lagi ngopi jam 12 bengi. Jan koke, sapa maneh kira-kira ya sing kena diarani iki. Klambi tangga kiwa tengen wong wadon akeh sing sambatan padha ilang. Aja-aja Aryo kuwi sing Dawa tangane.
Wangsulan pitakonan ing perangan 1 lan gladhen dikumpulake nalika wayah tatap muka. Katulis ing lembaran lan dikumpulake barengan sakelase dadi siji.