Mbabar Wawasan
Pasinaon iki nyuguhake wacan kanthi tema ”Tuntunan Jroning Tontonan” minangka sarana kanggo nyinaoni teks drama. Minangka salah sijine asil kasusastran, lumrahe kajaba kanggo lelipur teks drama uga mujudake srana kanggo tuntunan. Akeh bab wigati kang bisa kapethik saka teks drama. Diajab sarampunge nyinaoni teks drama, para siswa bisa trampil nyurasa, nyipta, maragakake apa dene nyaruwe pementasan drama. Kajaba nyurasa tumekane nyaruwe uga ana gladhen kang bisa digarap kanthi kelompok lan gladhen kang kudu digarap mandhiri. Sadurunge nyinau tuntunan jroning tontonan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki sajrone angen-angenmu!
1. Apa para siswa tau ndeleng pamentasan drama Basa Jawa?
2. Yen tau ndeleng pementasan drama, lakone apa?
3. Ing kegiatan apa pamentasan drama sing kodeleng?
4. Sapa bae paraga ing drama sing paling koksenengi?
Pasinaon 1 : Modhel Teks Pinilih
Gambar Drama Kanthi lakon "Anak Kolong"
Waspadakna gambar ing dhuwur nuduhake anane pementasan drama. Kaya kang wis tau karembug ing wulangan kelas X, minangka teks crita naratif, teks lakon nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka:
a) jejer (orientasi), yaiku perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure,
b) pasulayan (komplikasi), yaiku dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para paraga, lan
c) pangudhare prakara (resolusi), yaiku pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah.
Yen teks lakon dipentasake kaya kang kacetha ing gambar ngarep, bakal kita temokake struktur drama kang luwih cetha. Karepe bisa dideleng saka polahe paraga, dirungokake saka pacelathone paraga, dirasakake saka kahanan kang dumadi, lan sapanunggalane. Murih gamblange para siswa becike ndeleng pamentasan sacara langsung utawa ndeleng video drama. Ewa dene ing wulangan iki bisa karembug sarana njingglengi gambar lan teks wacan kang sumadya.
Garapan 1: Nganalisis Struktur Teks Drama
Setitekna gambar lan pethikan teks drama kanthi irah-irahan ”Anak Kolong” kasebut,
banjur jangkepana tabel ing ngisor iki!
Wangsulan pitakonan kuwi dikumpulake nalika wayah tatap muka. Katulis ing lembaran lan dikumpulake barengan sakelase dadi siji.