Ing Pasinaon 6 iki para siswa bakal sinau tembang macapat. Tembang macapat mujudake karya sastra Jawa kang unggul. Tumekaning saiki tembang macapat isih ngrembaka lestari. Akeh sing padha kasmaran marang tembang macapat. Tembang macapat kang wujude ringkes lan kaiket paugeran, pranyata nduweni daya pangaribawa kang gedhe marang kabudayan Jawa. Nggumunake banget yen wong manca padha kapiadreng nliti, ndhudhah kaendahan tembang macapat, nanging wong Jawa (para siswa) ora gelem melu nguri-uri, ora cancut gumregut kanggo cawe-cawe nglestarekake, nyinau, lan nemokake mutyara pitutur luhur kang kinandhut ing endah lungite kasusastran Jawa, tembang macapat. coba delengen video yutub ing ndhuwur.
Sadurunge dibacutake, wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1) Kabudayan Jawa iku tansah njaga kasalarasan, memayu hayuning bawana. Kepriye panemumu?
2) Urip ing alam donya iki kudu becik lan tatakrama marang sapa bae?
3) Pitutur luhur Jawa iku yen karo agama mikuwati apa lelawanan? Tuduhna sawetara buktine!
4) Sapa lan apa sing wis ditindakake dening putri lelorone, kang ngagem busana Jawa ing dhuwur?
5) Ing jaman saiki ―akeh wong Jawa wis ilang Jawane‖ apa bener mangkono? Apa sebabe?
6) Apa para siswa isih sering matur nganggo tembung ―nuwun sewu‖, ―nyuwun pangapunten‖? Kapan?
7) Ana pitutur luhur mangkene; ―ngalah iku luhur wekasane‖, apa maksude?
8) Manut panemumu, ―wong Jawa‖ iku sing kepriye?
Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa syukure marang Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa kaparingan sastra tembang macapat kang kebak pitutur luhur.
Lelandhesan sipat jujur, tresna budaya, disiplin lan tanggung jawab para siswa diajab bisa nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing pasrawungan. Para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat, nerangake kaendahan basa, nyritakake surasane tembang karyane uga nembangake kanthi titilaras lan trapsila kang becik.
Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki pethikan saka Serat Wulangreh, reriptane Sri Susuhunan Paku Buwana IV, pujangga kang uga raja ing Surakarta Hadiningrat (1788- 1820). Serat Wulangreh iku dumadi saka 13 pupuh tembang. Isine Serat Wulangreh iku pitutur luhur kang dadi paugeran laku utama tumekane saiki
Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang.
Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing wekasaning tembung.
Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat.
Saiki bukaken LKS wangsulana pitakonan2 ing Gladhen Kabisan, Gladhen Pangulangan, lan Gladhen Pengayaan sajrone Wulangan 1.
Wangsulan pitakonan gladhen2 kasebut dikumpulake nalika wayah tatap muka. Katulis ing lembaran lan dikumpulake barengan sakelase dadi siji.