KOMPETENSI DASAR :
3.6 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi berbagai ragam gaya bahasa (basa rinengga) dalam konteks komunikatif.
INDIKATOR:
3.6.1 Menjelaskan pengertian tembung panyandra.
3.6.2 Menjelaskan ciri-ciri tembung panyandra.
3.6.3 Menjelaskan pengertian tembung panyendhu.
3.6.4 Menjelaskan ciri-ciri tembung panyendhu.
3.6.5 Menjelaskan pengertian pepindhan.
3.6.6 Menjelaskan ciri-ciri pepindhan.
3.6.7 Menjelaskan pengertian parikan .
3.6.8 Menjelaskan ciri-ciri parikan.
BASA RINENGGA
Basa Rinengga yaiku: basa endah utawa basa sastra kang endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka. Mula basa rinengga uga diarani rumpakan.
Kang kalebu basa rinengga yaiku: tembung panyandra, panyendhu, pepindhan, parikan, purwakanthi, dasanama, lan sapanunggalalane. Lumrahe basa rinengga kanggo nulis kasusastran (tembang/ guritan/ drama/ pewayangan, lan sapanunggalane) Ing pasinaon iki bakal ngrembug panyandra, panyendhu, pepindhan lan parikan.
Tuladha:
Panyandra yaiku unen-unen utawa tetembungan saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sing ngemu teges memper utawa mirip. Babagan kang dicandra yaiku babagan kabecikan lan kaendahan, kayata kahanane manungsa, kahanane mangsa, kahanane kewan, kahanane solah bawa, lan sapanunggalane.
(terjemahan; Panyandra yaitu kata-kata atau kalimat sejenis pengandaian yang diibaratkan menggunakan perbandingan yang mengandung arti seperti atau mirip. Hal-hal yang digambarkan yaitu perihal kabaikan dan keindahan, seperti keadaan manusia, keadaan musim, keadaan hewan, keadaan tingkah laku manusia, dan lain sebagainya.)
Tuladha Candrane Awak (Penggambaran Tubuh Manusia)
1) dedege pideksa (ngringin sungsang)
2) kulite kuning nemu giring.
3) rambute ngombak banyu (ngembang bakung).
4) irunge ngudhup mlathi (ngrunggih).
5) alise nanggal sepisan (wulen tumanggal).
6) idepe tumengeng tawang.
7) mripate ndamar kanginan (blalak-blalak).
8) sinome micis wutah.
9) untune miji timun (rata lir ombaking warih).
10) pundhake nraju mas.
11) pipine nduren sajuring (nlesung pipi).
12) lambene nggula sathemlik.
13) bangkekane nawon kemit.
Panyendhu
Tembung panyendhu yaiku tembung utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni / nyacad (mencela) perangane awak lan solah bawa (perilaku)
Biasane tembung panyendhu digunakake naliko atine ora seneng marang kahanan lan solah bawane liyan.
Tuladha tembung panyendhu :
Drijine kithing / mbuthel
Tutuk e nyoro, mrongos
Irunge pesek, gruwung
Ilate cedhal
Bangkekane mbembeng
Bathuk e manyul / nonong
Dedege cebol
Kulite mbesisik, belang, busik
Lambene ndomble
Tangane ceko / ciker
Parikan yaiku unen-unen sing dumadi saka, rong gatra (larik) utawa patang gatra. Menawa dumadi saka rong gatra, gatra sepisan iku awujud purwaka, gatra kaping pindho awujud isi (maksude). Manawa, dumadi saka patang gatra, gatra kapisanlan kapindho awujud purwaka, gatra kaping telu lan gatra kaping papat awujud isine. Parikan dalam bahasa Indonesia disebut pantun.
Tuladha:
"Manuk emprit mencok pager
Mulang murid, murih pinter"
"Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik, ora papa"
"Wajik klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja"
"Surakarta prenahe wetan
Surabaya rame kuthane
Aja padha kesed-kesedan
lha yen kesed kapan pintere"
"Jangan kacang jangan kara
kladuk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra mudha
aja wedi ing rekasa"
Pepindhan
Pepindhan yaiku tembung utawa unen unen sing ora ngemu surasa sejatine (kalimat yang tidak mempunyai arti yang sebenarnya biasa dipakai untuk beragam pengandaian ataupu perumpamaan warna, sifat, tingkah laku dan rupa.Salah satu ciri-ciri tembung pepindhan adalah sering diselipakan kata kata Kaya, lir, kadyo, pindho dan lainya. Pepindhan dalam bahasa jawa sering dipakai ketika sedang kagum dengan seseorang, terheran, ataupun sedang marah, mengandaikan sifat hewan ataupun manusia. ).
Tuladha:
1. Abang kumpul padha abang = kaya alas kobong.
2. Abange = kaya godhong kathirah.
3. Agunge = kaya samodra rob.
4. Akehe pepati = kaya babadan pancing.
5. Akehe pepati = kaya sulung lumebu geni.
6. Akehe lelara = kaya kena pagebluk.
7. Ali-aline = nggunung sapikul.
8. Aluse = kaya sutra.
9. Antenge = kaya temanten ditemokake.
10. Ayune = kaya Dewi Ratih.
GARAPEN LATIHAN ING NGISOR IKI!