KOMPETENSI DASAR
3.5 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks cerita pewayangan.
INDIKATOR
3.5.1 Menyebutkan contoh lakon wayang.
3.5.2 Menyebutkan unsur intrinsik cerita wayang.
3.5.3 Menjelaskan pesan moral dalam teks wayang.
Mbabar Wawasan
Wayang iku asale saka tembung yang/hyang. Wiwitane anane wayang iku dadi srana kanggo muji syukur, nelakake rasa panuwun marang Gusti Kang Murbeng Gesang. Mula saka iku wayang angel dipisahake karo wong Jawa. Sebab wayang nuduhake watak religius,ngabekti (taqwa) marang Gusti Kang Maha Suci, lan iku watak kapribadene wong Jawa.
Wayang iku kabudayan asli Jawa. Malah ing tanggal 7 Nopember 2003 wayang wis diakoni dening UNESCO minangka kabudayan luhur warisan kanggo donya saka bangsa Indonesia. Tegese jagad iki ngakoni menawa wayang iku kabudayan kang luhur. Sapa bae sing gelem nyemak isi lan pitutur kang ana ing wayang, bakal dituntun ing dalan kabecikan, yaiku margane kautaman.
Piranti ing Pagelaran Wayang
Wayang kang digawe saka kulit. ing pewayangan, Wayang iki kang dadi paraga ing lakon, biasaneutawa lumrahe digawe saka kulit sapi
Kelir yaiku, Mori, kain putih kang didadekake geber. kelir iku piranti pagelaran wayang kang nggambarake apa?ana ing pewayangan, Kelir iki nggambarake jagad, papan panggonan dumadine crita utawa lakon. Nonton wayang kulit iku dhek jaman biyen ing saburine kelir kang kesorotan blencong.
Blencong yaiku Lampu, pepadhang kang madhangi kelir. Ayang-ayange wayang kang diobahake Ki Dhalang, kang ndadekake pagelaran wayang kulit iku narik ati lan nggumunake. Sebab bisa kaya urip lan memper karo lelakone manungsa ing donya iki.
Gunane kanggo nancepake wayang. Ana wayang kang ditata ing kiwa lan tengen, jenenge simpingan. Ana wayang sing bakal diobahake, dicritakake Ki Dhalang.
5. Cempala
Cempala yaiku barang sing Digawe saka kayu, dithuthukake ing kothak dening Ki Dhalang ing wayang, Cempala diarani uga keprak. Gunane akeh banget. Ki Dhalang menehi ada-ada utawa pratandha kanthi cempala.
Kepyak yaiku Wujud wilahan tipis, cacahe 3-4 lapis. Gunane meh padha karo cempala, mung swarane kang beda.Unine kepyak iku krana dijejeg Ki Dhalang, bisa uga amarga dithuthuk nganggo cempala.
Ayo iki apa jenenge?
Bale Sigala-gala
Becik ketitik, ala ketara paribasan iku tegese sapa kang tumindak becik lan sapa kang tumindak ala bakal ketara dhewe ing tembe mburine. Kaya lelakone Pandhawa lan Kurawa, kadang Pandhawa
tansah nuduhake watak kang becik, seneng tetulung, lila legawa,
pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa.
Kosok baline kadang Kurawa dadi manungsa kang adigang
adigung adiguna, seneng ngina sapepadha, atine ana erine tansah
nuruti hawa nepsu angkara murkane. Apa maneh nalika pamane,
yaiku Patih Sengkuni ana ing cedhake, saya ndadra, murang tata, lan
ninggal tatakramane.
Sore iku ing alun-alun Hastinapura, Pandhawa lan Kurawa lagi
dolanan bareng.
“Adhiku Yudhistira,” alus tembunge Duryudana.
“Kepriye Kakang?”
“Kanggo ngundhakake kawruhmu, lan bisa cedhak karo kawula
cilik, si adhi lelima wis takaturi ameng-ameng, lelana brata,”
“Sampun kuwatos, sampun wonten pesanggrahan endah asri
kagem sare Panjenengan lan Ibu Kunthi ing tlatah Waranawata”
pambujuke Patih Sengkuni.
“Iya Dhi. Mengko si Puracana kang bakal ngladeni kabeh kang
dadi kersamu sakadang,”
Wusana Pandhawa lima lan Ibu Kunthi pamitan marang Eyang
Bhisma, Prabu Dhestarastra, lan Paman Yama Widura. Anane mung
manut lan rila legawa. Awit percaya yen kabeh lelakone manungsa iku
wis pinesthi dening Gusti Kang Murbeng Dumadi.
Teks crita wayang yaiku teks kang isine nyritakake lakon wayang. Lakon wayang kang ana ing Jawa iku sumbere saka epos Ramayana lan Mahabarata.
Teks crita wayang iku duwe unsur instrinsik, kaya ta: tema, paraga lan wewatakane, setting/latar panggonan, swasana lan wektu, uga amanat utawa pitutur luhur.
Crita wayang Mahabarata nyritakake lelakone Pandhawa lan Kurawa. Pandhawa iku satriya luhur bebudene, lan pantes tinuladha. Dene Kurawa iku watake asor ing budi, ngumbar angkara murka, lanadigang, adigung, lan adiguna. Crita wayang Ramayana nyritakake lelakon katresnane Rama lan Dewi Sinta.Dasamuka minangka pepalange. Sajrone ngupadi Dewi Sinta kang diculik dening Dasamuka, Prabu Rama dibiyantu dengan Anoman lan bala wanara.
Gawe Ringkesan Crita Wayang
Coba ringkesen crita ing ngisor iki!
Werkudara, Saya Santosa Nadyan Dipiala
Werkudara ya Bimasena iku muride Bathara Bayu. Nduweni ajian sepi angin, bisa lumampah kang bantere kaya parane angin. Satriya gagah prakosa iki watake kendel tur wani. Tansah kukuh bakuh mbelani bebener. Swarane gedhe-anteb mrebawani lan ora nate basa marang sapa bae. Werkudara nggunakake basa alus mung marang Dewa Ruci, guru sejatine.
Werkudara tansah mbangun turut dhawuhe Ibu Kunthi lan sesepuh liyane. Setya lan bekti marang Gurune, Resi Durna. Amarga becik bebudene, kuwat santosa tur sekti mandraguna,Kurawa dadi gething banget lan uga wedi marang Werkudara. Mula saka iku bola-bali Kurawa lan Patih Sengkuni gawe cilakane Werkudara. Kurawa tansah culika, kepengin merjaya Werkudara supaya luwih gampang ngalahake Pandhawa. Nadyan dipiala, ora malah sengsara nanging kosokbaline, Werkudara tambah santosa lair lan batin.
Sawijining wektu nalika Pandhawa lan Kurawa isih padha cilik.Patih Sengkuni gawe iguh pratikel culika julig. Werkudara diajak nyisih dening Duryudana, banjur diombeni racun. Bareng Werkudara tiba semaput, enggal digotong dening Kurawa, dicemplungake ing sumur Jalatundha. Sumur suwung gawat keliwat-liwat, sebab akeh ula kebak racun. Karepe supaya Werkudara enggal lampus.
Ing jero sumur Jalatundha, Werkudara ditulungi Hyang Nagaraja. Naga panguwasa sumur Jalatundha. Ora diperjaya nanging malah diparingi elmu lan tamba. Werkudara dadi tawar ing sakehe upas lan racun, diparingi jejuluk Bondhan Peksajandhu. Werkudara ora nemoni pati, nanging waluya basuki pikantuk pangayomaning Gusti.
Terjemah dalam bahasa Indonesia
Werkudara atau Bimasena adalah murid Bathara Bayu. Ia memiliki ajian sepiangin, ia dapat berjalan secepat angin. Prajurit perkasa ini berani dan berani. Selalu teguh membela kebenaran. Suaranya yang keras sangat mengesankan dan dia tidak pernah berbicara halus dengan siapa pun. Werkudara menggunakan bahasa halus hanya untuk Dewa Ruci, guru sejatinya.
Werkudara selalu menuruti perintah Bu Kunthi dan sesepuh lainnya. Kesetiaan dan pengabdian kepada Gurunya, Resi Durna. Karena kecerdasannya yang baik, kekuatan dan kesaktiannya mandraguna, Kurawa menjadi sangat membenci dan juga takut pada Werkudara. Oleh karena itu, Kurawa dan Patih Sengkuni berulang kali merugikan Werkudara. Kurawa selalu berkhianat, ingin membunuh Werkudara agar lebih mudah mengalahkan Pandawa. Meski disiksa, ia tidak menderita tetapi sebaliknya, Werkudara semakin kuat baik fisik maupun mental.
Suatu hari, tatkala Pandawa dan Kurawa masih muda. Werkudara diajak pergi oleh Duryudana, lalu diberi minum racun. Ketika Werkudara jatuh pingsan, dia langsung dibawa oleh Kurawa, dan dibuang ke sumur Jalatundha. Sumur itu sangat berbahaya, karena banyak ular yang berbisa. Dia ingin Werkudara segera mati.
Di dalam sumur Jalatundha, Werkudara diselamatkan oleh Hyang Nagaraja. Naga itu menguasai Jalatundha dengan baik. Dia tidak dibunuh tetapi bahkan diberikan ilmu pengetahuan dan obat-obatan. Werkudara menjadi kebal terhadap semua bisa dan racun, ia diberi julukan Bondhan Peksajandhu. Werkudara tidak mengalami kematian, tetapi waluya basuki mendapat perlindungan Tuhan.
Garapen Gladhen ing ngisor iki! utawa klik di sini !