Pawarta yaiku tulisan utawa informasi sing isine nyritakake sawijining kedadeyan utawa prastawa sing nyata lan penting kanggo dingerteni dening masyarakat.
Pawarta kudu adhedhasar kasunyatan (fakta), dudu karangan utawa pendapat pribadi.
Pawarta nduweni titikan ing ngisor iki:
Adhedhasar fakta.
Isine aktual utawa isih anyar.
Informasine cetha lan gampang dimangerteni.
Nduweni unsur 5W + 1H.
Basa sing digunakake ringkes, padhet, lan komunikatif.
Ora nyampurake panemu pribadi saka panulis.
Isine ngenani kedadeyan sing penting lan narik kawigaten.
SMP N 4 Semin Nglaksanakake Gerakan Resik Sekolah
Siswa SMP Negeri 4 Semin nganakake kegiatan kerja bakti resik-resik sekolah ing dina Jumat, 21 Agustus 2026. Kegiatan kasebut ditindakake ing lingkungan sekolah lan dipun sengkuyung dening siswa, guru, lan karyawan. Kegiatan iki nduweni tujuan supaya lingkungan sekolah tetep resik, sehat, lan nyaman kanggo kegiatan sinau.
5W + 1H:
Apa: kerja bakti resik-resik sekolah.
Sapa: siswa, guru, lan karyawan.
Kapan: Jumat, 21 Agustus 2026.
Ing ngendi: lingkungan sekolah.
kenging menapa: supaya sekolah resik, sehat, lan nyaman.
Kepiye: ditindakake kanthi kerja bakti bebarengan.