Tembang macapat yaiku salah sawijining karya sastra Jawa kang awujud tembang utawa geguritan tradhisional. Tembang macapat nduweni paugeran tartamtu, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Salah sawijining jinis tembang macapat yaiku Pocung. Tembang Pocung nggambarake pungkasaning lakuning manungsa. Tembung "pocung" ana gegayutane karo "pocong", yaiku pralambang manawa manungsa bakal bali marang Gusti Allah.
Nanging ing panganggone, tembang Pocung kerep digunakake kanggo ngandharake pitutur, nasihat, guyonan, lan piwulang urip kanthi basa kang entheng lan nyenengake.
Tembang Pocung nduweni paugeran:
Guru gatra : 4
Guru wilangan : 12, 6, 8, 12
Guru lagu : u, a, i, a
Tuladha......
Yeku patut,
tinulad tulad tinurut,
Sapituduhira,
Ajakaya jaman mangkin,
Keh pra mudha mundhi dhiri rapal makna.
(KGPA. Mangkunagara IV, Wedatama)
Artinya:
Itulah yang pantas ditiru dan diikuti, segala petunjuknya. Jangan seperti Jaman sekarang, banyak anak muda mengagungkan rapal dan mantera.