nalika beda panemu karo wong liya, ora kena muring-muring sakepenake dhewe. ananging tetep kudu ngatekeke lan ngurmati. nalika arep nyela, prayohgane njaluk pangapura dhisik nganggo tembung "nyuwun pangapunten".
Sawetara ukara kanggo nelakake sarujuk yaiku:
Aku sarujuk.
Aku sarujuk karo panemumu.
Aku setuju karo panemumu.
Inggih, kula sarujuk.
Inggih, kula sarujuk kaliyan pamanggih panjenengan.
Pamanggih panjenengan leres
Kula saestu sarujuk kaliyan pamanggih panjenengan.
Nalika ora setuju, aja langsung nggunakake tembung kang kasar utawa nyalahake wong liya.
Gunakake ukara kang luwih alus, kayata:
Aku kurang sarujuk.
Aku ora sarujuk karo panemumu.
Miturut panemuku, ana pendapat liyane..
Nyuwun pangapunten, kula kirang sarujuk.
Nyuwun pangapunten, kula gadhah pamanggih ingkang beda.
Miturut pamanggih kula, dereng mesthi mekaten.
Kula kirang sarujuk kaliyan pamanggih panjenengan.
Nalika ngandharake ora setuju, kudu:
Tetep sopan.
Ora ngasorake wong liya.
Ora nggunakake tembung kasar.
Menehi alasan kang logis.
Yen perlu, menehi solusi utawa pendapat alternatif.