Atur Pambuka

      Alhamdulillah, puji syukur pangripta aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung sahengga media pasinaon punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga media pasinaon ingkang kasusun sae punika saged purna. Ugi maturnuwun kagem para sadaya pamaos media pasinaon menika.


         Media pasinaon kanthi irah irahan "Silsilah Pandawa Lima & Sata Kurawa" punika minangka salah satunggaling sarana gladhen ndamel media pasinaon. Media pasinaon kanthi irah irahan "Silsilah Pandawa Lima & Sata Kurawa"  menika kasusun kagem njangkepi tugas semester III mata kuliah Media Pembelajaran ingkang diampu dening Ibu Dosen Nur Hidayati, S.Pd, M.Hum.

        Mugi-mugi media pasinaon ingkang dipunripta dening pangripta menika saged paring mapinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka pangripta ugi kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.