SINOPSIS

Criyos Sumantri Ngenger utawi Sumantri Suwita (Sumantri Ngengeri/Ngabdi]) inggih menika criyos pewayangan ingkang nggambaraken perjuanganipun tokoh Sumantri ingkang badhe ngenger/ngabdi dhateng Sri Prabu Harjuna Sasrabahu  wonten Maespati. saderengipun keparing ngegger, wonten pinten-pinten syarat ingkang kedah dipunlampahi dening Sumantri. 

Criyos menika kagungan konteks ingkang lebet sanget kaliyan spiritualitas, inggih menika langkung tepang tiga unsur lebet dhiri manungsa, salira kasar, salira lembat (ruh), lan sang alus (sukma, papan dunungipun gusti). 

Raden sumantri kasil nglampahaken sarangken tantangan nalika badhe suwita kanthi rencangan rayinipun, inggih menika : Sukrasana. Pasuwitan Sumantri dipuntampi Prabu Harjuna sasampunipun njengkaraken taman sriwedhari saking Magada dhateng Maespati inggil rencangan sukasrana. 

Lajeng saking criyos menika sinten mawon tokoh ingkang terlibat didalamipun ? saha menapa nilai pendidikan karakter ingkang wonten ing lakon sumantri ngenger menika?

Mangga sareng sareng sinau wonten media pasinaon menika !!!