UNSUR INTRINSIK:
1. Unsur-Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yaitu unsur-unsur kang bangun karya sastra saka njero. unsur intrinsik kaperang dadi 6, kaya ing ngisor iki :
a. Tema
Tema yaiku pokok pokok crita utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang diandharake pangripto liwat rerangkene crita.
B. Paraga (tokoh)
yaiku pawongan kang duwe peran sajroning crita, kang ngalami kadadean salaras karo dumadine crita. Paraga dibedakake dadi limang warna:
Paraga Utama, yaiku paraga kang dadi lakone crita
Paraga Sampingan (figuran), yaiku paraga kang dadi panyengkuyung paraga utama.
Paraga Protagonis, yaiku paraga kang tumindak becik ing crita
Paraga Antagonis, yaiku paraga kang tumindak ora becik utawa ala ing crita.
Paraga Tritagonis, yaiku paraga dadi pangudharing prakara (pelerai).
Penokohan mujudake pelukisan tokoh/paraga crita ing kahanan lair utawa batine, klebu keyakinan uripe, adat istiadate, lan sapiturute. Ana telung macem cara kanggo nglukisake utawa nggambarake watak, yaiku:
Analitik, Pangripta nyritakake utawa njlentrehake watak tokoh/paraga crita kanthi langsung.
Dramatik, Pangripta ora kanthi langsung nyritakake watak tokoh/paraga kaya ing cara analitik, nanging nggambarake watak tokoh/paraga kanthi cara njembarake panggonan utawa lingkungane sang tokoh/paraga. Nampilake dialog antar tokoh/paraga lan saka dialog-dialog iku bakal katon watak para tokoh/paraga sajrone crita.
Campuran, Pangripta nggunakake kalorone cara kasebut kanthi tujuan kanggo padha dene njangkepi.
C. Alur (plot)
yaiku dalan crita utawa rerangken kadadean kang didhapuk lelandhesan hukum kausalitas (gayutan kang nuduhake sebab akibat). Lelandhesan gayutan kasebut, mula saben crita duweni plot/alur kang kaya mangkene:
tahapan tetepungan (perkenalan);
tahapan tumuju pertikaian;
tahapan konflik, banjur tumuju tansaya rumit;
tahapan klimaks;
tahapan muncule sawijine solusi;
tahapan karampungan (penyelesaian).
D. Gaya basa (gaya bahasa)
yaiku cara khas sawijine pangripta sajrone ndungkapake ide, utawa gagasan liwat crita.
E. Sudut pandang (point of view)
yaiku salah siji unsur fiksi kang dadi kunci kesuksesan crita. Sudut pandang iki mujudake cara pangripta anggone mapanake anggane tumrap crita. Sudut pandang kaperang dadi telu, yaiku:
sudut pandang wong katelu, nganggo tembung "dheweke";
sudut pandang wong kapisan, nganggo tembung "aku ";
sudut pandang campuran antarane wong katelu lan kapisan.
F. Latar (setting)
yaiku gambaran ngenani waktu, panggonan, lan swasana kang dumadi sajrone crita.
UNSUR EKSTRINSIK:
2. Unsur Ekstrinsik
yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kaya ing ngisor iki.
A. Latar belakang karya sastra diciptakake
yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis.
B. Kahanan masarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake
yaiku kahanan masarakat saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.
C. Latar belakang kahanane pangripta.
Unsur ekstrinsik mujudake unsur-unsur kang mangun karya sastra saka jaba, kayata:
latar Wuri panguripane pangripta
pandangan hidup pangripta
situasi sosial
Utawa budaya laire karya sastra kasebut, lan sapanunggale.
KLIK UNTUK KE HALAMAN SELANJUTNYA!