KAWRUH PRAMASASTRA:
1.Ukara Carita (Kalimat Deklaratif)
Ukara carita yaiku ukara kang digunakake kanggo gawe andharan (pernyataan) saengga isine minangka pawarta (informasi) tanpa ngarepake wangsulan utawa respons tartamtu. Tuladha:
Bathara Kresna nata ing Dwarawati kang adil wicaksana.
Prabu Yudhistira nata ing praja Ngamarta kang adil pramarta lan ambeg darma.
Adipati Karna iku sejatine isih kadange para Pandhawa saka putra Bathara Surya.
2. Ukara Pakon (Kalimat Imperatif)
Ukara kang isine prentah utawa panjaluk marang wong liya supaya nindakake bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake kang ngongkon. Tuladha:
Pitakonan iki garapen ing papan tulis
Ukara ing dhuwur mengku kekarepan supaya nggarap tugas ing papan tulis.
Bapak pundhutna obat ing apotek, Ndhuk!
Ukara ing dhuwur mengku kekarepan supaya bapak dipundhutake obat ing apotek.
Sinaua sing sregep supaya kowe munggah kelas!
Ukara ing dhuwur mengku kekarepan supaya sinau sing sregep supaya munggah kelas.
3. Ukara Pitakon (Kalimat Introgatif)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine awujud pitakon lan mrelokake anane wangsulan utawa jawaban. Tuladha:
Apa kowe wis nggarap PR sing ditugasake dening gurumu?
Sasuwene seminggu preian apa sing koktindakake ing omah?
Apa tujuanmu teka mrene kok nggawa oleh-oleh samene akehe?
MATERI TELAH SELESAI
TERIMAKASIH TELAH MEMBACA, SEMOGA BERMANFAAT🤗!