WACANEN MATERI IKI, TRUS GARAPEN TUGAS NEK BUKU TULIS DEWE -DEWE
GLADHEN ( TUGAS )Â
Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki wacanen , banjur nyuwuna priksa marang Bapak/ Ibu
mu utawa mbukaka kamus basa jawa, golekana tetembungan sing ora kokngerteni. Sawise mangerteni tegesen tetembungan sing angel, gancarna ( owahana dadi karangan bebas / prosa) tembang sing wis waca mau!
DHANDHANGGULA
Jungkat siti panggaraping sabin,
laku saru datan ilok tenan,
tadhah udan sing ginawe,
den ilangana sampun,
awit iku kang dadi ciri,
tumrap manungsa gesang,
awon dadosipun,
lamun saru trus binekta,
iki jeneng nistha kang tanpa upami,
tan pinercayeng liyan