Dina, Tanggal : Senin, 27 Februari 2023
Topik : Crita Rakyat
Tujuan Pembelajaran : Siswa dapat memahami unsur teks crita rakyat.
Unsur Crita Rakyat
tema
tema yaiku inti utawa ide dhasar crita.
alur/plot
alur/plot yaiku pola pengembangan crita kang kebentuk saka hubungan sebab akibat. alur crita kepareng dadi bageyan-bageyan kaya ing ngisor iki.
1)pengenalan bab situasi utawa kahanan crita
2) panjlentrehe kedadeyan
3) nuju ana ing konflik
4) puncuking masalah
5) rerampungan
latar
latar yaiku papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan sosiale saka kedadeyan kang dicritake ana ing crita. latar iku ana telu jenis, yaiku kaya ing ngisor iki
1) latar panggonan : papan panggonan nalika kedadeyan ana ing crita.
2) latar waktu : wektu nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritatakake.
3) latar kahanan : kahanan lingkungan sosial nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake
tokoh
tokoh yaiku paraga ing sawijining crita
penokohan
penokohan yaiku cara pengarang nggambarake lan jlentrehake karakter tokoh ana ing crita. ana rong teknik k`anggo ngambarake` karakter salah sawijining tokoh.
1) teknik analitik yaiku karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2) teknik dramatis yaiku karakter tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran :
bab fisik lan tindak tanduke
lingkungan kauripan tokoh
tata bahasa tokoh
dalan pikirane tokoh
dening tokoh liyane
sudut pandang
sudut pandang yaiku posisine pengarang nalika nyeritakake crita. posisi pengarang ana loro yaiku kaya ing ngisor iki
1) dadi wong kepisan
2) dadi wong ketelu
amanat
amanat yaiku ajaran moral utawa pesen didaktis kang baka
gaya bahasa
gaya bahasa sing digunakake pangripta ing sajroning crita.
Silakan mengisi daftar hadir ya..
https://forms.gle/hRAESqP7q1ZZNrLG6