Dina, Tanggal : Senin, 16 Januari 2023
Topik : Serat Wedhatama Pupuh Gambuh
Tujuan Pembelajaran : Peserta didik mampu memahami serat wedhatama pupuh gambuh.
Serat Wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni. Serat Wedhatama ngemot tembang macapat yaiku Pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.
Surasa Wigati Piwulang Serat Wedhatama
a. Piwulang etika, watak kang becik lan watak ala kang kandhut ing pupuh pangkur
b. Piwulang ukum, kang katulis ing pupuh Sinom
c. Piwulang ngelmu lan amal kang katulis ing pupuh Pocung
d. Piwulang panembah (ibadah marang Gusti Kang Maha Kuwaos) kang kakandhut ing pupuh Gambuh.
Piwulang ing serat Wedhatama
a. Piwulang kanggo kanoman
Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.
Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.
Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.
Silakan anak-anak, melanjutkan sendiri membaca buku halaman 4 - 11.