Pangertosan pawarta
Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadeyan sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh.
Miturut isisne pawarta ana 3, yaiku:
a. Pawarta Dadakan yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kedadeyane ora kena dipastikake.
b. Pawarta Ndinan yaiku pawarta kang wektu panggonan kedadeyane wis dimangerteni sadurunge.
c. Pawarta Cerita yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, ngambarake objek kang nemsemake.
Kang perlu digatekaken nalika ngrungokake pawarta
Para Peserta didik kang kulina ngrungokaken pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa Jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokaken pawarta utawa informasi :
a. Mangerteni kanthi cetha perkawis kang disampekaken
b. Mbedakaken informasi kang penting lan ora penting
c. Nyathet informasi sing bener
d. lan permati
Pawarta ingkang sae kedhah ngemot unsur 5W + 1H
a. What (apa) = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
b. When (kapan) = Kapan kedadean kasebut dumadi.
c. Who (sapa) = Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
d. Why (kenangapa) =.Merga apa kedadean kasebut dumadi.
e. Where (anangendi) = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
f. How (kepriye) = Kepriye kedadean kuwi bisa dumadi
Pawarta sing paling apik yaiku warta sing nduweni 5 unsur utama sing wis kasebut neng nduwur mau. Mila saking menika siring kasebut 5W + 1H.
Warta kang becik kudu nduweni pirang-pirang sifat yaiku aktual (anyar), faktual utawa nyata, cekak aos, narik kawigaten utawa menarik kanggo dingerteni, unik, uga jangkep.
Sajroning proses penulisan berita, kaidah lan sifat tulisan kudu dadi pedhoman ing antarane :
a. Pawarta (tulisan) kudu tepat (accurate)
Sawijining berita kang beciklan bener kudu ditulis kanthi pas, lire sawijining pawongan kang kajibah minangka reporter kudu kerja keras nyusun laporane kanthi persis ngenani peristiwa. Kudu nyebut jam, dina, panggonana, jeneng lan jabatane pawongan. Oramung bener jroning rincian bageyan kadadeyan nanging dituntutr katepatan jroning penyajian keseluruhan kalebu bagean ngendi kang ditonjolake.
b. Berita kudu imbang (balanced)
Tulisan kudu nggambarake kadadeyan sawetune, lire panulis dituntut nyuguhake kronologis seimbang saengga para maos bisa oleh katrangan kanthi jelas lan gamblang.
c. Berita kudu objektif (objektive)
Tulisan kudu apa anane amarga obyektifitas diutamakake minangka sifat kang kudu di duweni ing saben tulisan. Iki kabeh dudu barang gampang lan entheng amarga manungsa digandhuli rasa, pandangan, ide, kepentingan lan pribadi.
d. Berita kudu padhet lan jelas (concise and clear)
Pawarta kang becik kudu gampang ditanggkep para maos kanthi jelas, amarga iku kabeh mujudake satu kesatuan kang di dhuweni kekancingan logis. Di tulis kanthi padet, jelas lan sederhana tur ora mbuled. Bagian kang dianggep penting kudu oleh panggonan mirunggan.
e. Berita kudu aktual (recent)
Aktual yaiku ora ketinggalan, ora kasep lan isine anyar.weku wujudake unsur kang paling penting jroning panulisan berita sebab prastawa kang lumaku kanthi cepet, mula penulisan kadadean kudu dibarengi kapan berita mau di tulis.
Bab-bab kang perlu digatekake nalika menehi tanggapan
Sabubare para Peserta didik ngrungokaken pawarta, diajab para Peserta didik bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. Kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa lewih pernyataan kang nduweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika aweh tanggapan kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:
a. Tanggapan kuwe samestine diutarakaken mawa uraian kang cekak, padhet lan disusun kanthi apik.
b. Permasalahan utawa bab kang ditanggepi kudu cetha.
c. Tembung lan ukara sing digunakaken kudu gampang dingerteni.
d. Tanggapan kudu dewenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti sing relevan.
Struktur utawa perangan pawarta ana 4, yaiku:
a. Head Line (Judul/ Irah-irahan)
Head line yaiku irah-irahan kang gunane kanggo:
1. nggampangake pamaca ngerteni pawarta kang bakal diwaca
2. nuduhake pawarta kang dianggep wigati kanti werna-werna aksara utawa gambar
b. Dead line (Batas Waktu)
Ancas dead line yaiku nuduhake papan kedadean lan jeneng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadean
c. Lead (Teras Pawarta)
Lead biasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraph kapisan.bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta lan nggambarake sakabehe pawarta
d. Body language (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi bahasa kang cekak, aos lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.