Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar, lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang.
Unsur-unsur intrinsik crita wayang yaiku :
Tema
Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.
Penokohan
Yaiku paraga wayang kang ditrapake utawa ana ing sajrone crita wayang.
Watak
Yaiku sipate paraga wayang kang bisa ditemokake kanthi nggatekake pangucape utawa tindhak tandhuke paraga ing sajroning crita.
Lattar/ Setting
Yaiku perangan kanggo nggambarake panggonan, wekdal lan kahanan (keadaan).
Alur
Yaiku perangan kang nggambarake lakune crita wayang. Alur magepokan karo konflik utawa prakara. Manawa plot utawa alur cerita nglimputi:
Paparan awaling sawijining cerita (exposition)
Perangan kang awujud gegambaran lan wiwitaning mangerteni situasi latar lan tokoh-tokoh cerita. Tahap iki minangka tahap pambuka sawijining cerita utawa asung pawarta kang sepisanan lan duwe fungsi yaiku minangka landhesan cerita kang bakal diandharake ing bageyan-bageyan sateruse.
Wiwit thukul problem (inciting moment)
Tahap kang nukulake masalahmasalah kang andadekake anane konflik. Dadi, ing tahap iki minangka tahap awal anane konflik. Konflik iku bakal ngrembaka ing tahap-tahap sabanjure.
Konflik wiwit lumaku (rising action)
Tahap/swasana thukule konflik kang saya andadi. Kadadeyan-kadadeyan dramatik kang dadi inti cerita saya suwe saya medeni lan agawe kaget. Konflik-konflik kang ana banjur tumuju marang klimaks lan saya ora bisa kabendung.
Konflik saya suwe saya ruwet (complication)
tahapan kang nuduhake manawa konflik ing swasana kang paling dhuwur utawa panas-panase. Padudon-padudon kang ana ing sajroning pribadi-pribadining para paraga utawa marang paraga liyane ngambah ing swasana paling tintrim, paling panas. Klimaks cerita katitik saka para paraga kang arep kataman dening konflik iku mau. Sawijining karya fiksi kang ngemu alur kang panjang mesthi duweluwih saka siji ing babagan klimaks iki.
Konflik wiwit mudhun (falling action)
Tahap klimaks wiwit kendho utawa mudhun. Ateges, klimaks wiwit kendho, konflik wus ameh rampung lan ana dalan kanggo ngudhari konflik mau.
Karampunganing konflik ( denouement) yaiku tahapan kang asung karampungan marang konflik. Sawise ana dalan kanggo ngudhari konflik, cerita banjur dipungkasi dening pengarang.
Dudutan/ Amanat
Yaiku pituduh, nasihat, falsafah utawa nilai-nilai kang ana ing crita.
Sudut pandang
Sudut pandang minangka cara kita mangerti sakabehing kadadeyan ing sawijining cerita. Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi 4 yaiku:
Manggon ing orang pertama utama, sang karakter utama ngandharake kanthi tembung-tembunge dhewe.
Manggon ing orang pertama sampingan, cerita diandharake dening sawijining karakter ananging dudu karakter utama (amung sampingan).
Manggon ing orang ketiga terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar sakabehing karakter kang ana lan lungguh dadi orang ketiga, ananging amung ngandharake apa-apa kang tau ditonton, dirungu, lan dipikirake dening sawijining karakter.
Manggon ing orang ketiga tidak terbatas, pengarang ngandharake adhedhasar marang sakabehing karakter lan lungguh dadi orang ketiga
Ing Negara Ngastina wonten ratu ingkang asmanipun Prabu Pandudewanta. Sang Prabu kagungan garwa ingkang asma Dewi Kunthi. Putrane ingkang angka kalih lair awujud bungkus. Awake kabungkus selaput tipis mboten saged disuwek nganggem gaman punapa mawon, ndadosaken Prabu Pandu lan Dewi Kunthi sedhih. Banjur Prabu Pandu nyuwun tulung marang kurawa supados saged mecah bungkus wau. Para kurawa kepingin mecah bungkus menika, amargi yen bungkuse sampun pecah para kurawa badhe mejahi bayi menika. Nanging bayi bungkus menika mboten saged pecah dangune 8 tahun dumugi adine lair ingkang dijenengi Permadi.
Bareng Permadi sampun dewasa, Permadi sowan dhateng begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa maringi dhawuh supaya bayi bungkus menika dibucal wonten ing wana Mandalarasa. Nganti wana dadi rata. Ndadekake sak isine wana geger. Para jin sing ana ing wana kasebut krasa keganggu, mula Batari Durga ratu jin kaliyan Batara Guru, rajane dewa.batara Bayu, Batari Durga lan Gajah Sena, gajah tunggangane Batara Indra lan Batara Narada mudun kanggo mecahke bungkuse bayi kasebut. Batara Guru ngutus Gajah Sena mecah bungkus menika.
Nalika pecah, Batari Durga mlebu ana bungkus menehi klambi kanggo bayi mau, klambi kui “Poleng Bang Bintulu” (kathah kepanggih wonten ing pulau Dewata Bali minangka busanane patung-patung sing dianggep sakral). Boten namung klambi, uga ana gelang Candrakirana, kalung Nagabanda, Pupuk Jarot Asem, Sumping Surengpati (Mahkota) lan Kuku Pancanaka. Banjur Gajah Sena nyoba mecah bungkus bayi kasebut, Gajah Sena nabrak, uga nyeruduk nganggo gadinge nanging bayi kui mau malah ngelawan, metu saka bungkuse. Gajah Sena ditendhang langsung mati. Bima digawa Batara Bayu tekan Begawan Sapwani, dijenengi Bima. Bayi kasebut uga dijenengi Jayadrata utawa Tirtanata. Jeneng liyane Bratasena, Werkudara tegese weteng srigala, Bima, Gandawastratmaja, Dwijasena, Aryasena awit manunggal karo Gajah Sena, Wijasena, Dandun Wacana awit manunggal karo raja Jodipati adina Prabu Yudhistira, Jayadilaga, Kusumayuda, Kusumadilaga sing tegese menang ana paprangan menang, Aryabrata awit tahan rekasa, wayunendra, Wayu Ananda, Bayuputra, Bayusuta, Bayusiwi awit putrane Batara Bayu, Bondan Peksajandu, tegese kebal racun lan Bungkus timbalan katresnan Prabu Kresna marang Bima.
Bima duweni sedulur Tunggal Bayu yaiku Anoman, Gunung Maenaka, Garuda Mahambira, Naga Kuwara, Liman/ Gajah Setubanda, Kapiwara, Yaksendra, Yayahwreka lan Pulasiya. Bima awake gagah prakosa, watake wani, teges, teguh imane. Bima meguru karo Resi Drona babagan olah batin lan kaprajuritan. Banjur uga meguru karo Begawan Krepa lan Prabu Baladewa babagan migunakake Gadha.
Sinopsis yaiku ringkasan crita dene langkah-langkah gawe sinopsis ing antarane :
Wacanen luwih dhisik naskah crita asli.
Nulis gagasan pokok.
Tulisen ringkesan kang jumbuh karo gagasan utama.
Gunakake ukara kang cetha, gampang dingerteni, efektif, lan narik kawgaten kanggo gawe urutan crita singkat kang bisa nggambarake apa kang arep dicritakake ing karangan asline.
Kanggo nulis dialog utawa monolog tokoh, cukup garis besare wae.
Sinopsis kang digawe ora kena nyimpang saka isine