SERAT WEDHATAMA
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut kamus kawi-indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
1. Pangkur (14 Pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.
3.Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglaakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener.
Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni.
Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.Dadi serat wedhatama yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa batin.
PUPUH GAMBUH
Pangertene Tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukanetembang iki lelagon gandarwa (raseksa)ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh/bakuh (tegas/galak).
Watake Tembang Gambuh
Watake tembang gambuh yaiku supeketing kakaluwargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
Maknane Tembang Gambuh
Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan bathin, kulawarga lan masyarakat, pribadi karo Gusti.
Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)
· Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.
· Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.
· Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging guneman nganggo waton.
· Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.
· Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
· Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
· Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.
· Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.
Serat Wedhatama Pupuh Gambuh
Pada 1
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.
Pada 2
Sembah raga punika,
Pakartine wong amagang laku,
Susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.
Pada 3
Inguni-uni ersua,
Sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawagnyanipun,
sarengate elok-elok.
Pada 4
Thithik kaya santri Dul,
Gajeg kaya santri brahi kidul,
Saurute Pacitan pinggir pasisir,
Ewon wong kang padha nggugu,
Anggere guru nyalemong.
Pada 5
Kasusu arsa weruh,
cahyaning Hyang kinira yen karuh,
ngarep-arep urup arsa den kurebi,
Tan wruh kang mangkoko iku,
akale keliru enggon.
Pada 6
Yen ta jaman rumuhun,
tata titi tumrah tumaruntun,
bangsa srengat tan winor lan laku batin,
dadi ora gawe bingung,
kang padha nembah Hyang Manon.
Pada 7
Lire sarengat iku,
kena uga ingaranan laku,
dihin ajeg kapindhone ataberi,
pakolehe putraningsun,
nyenyeger badan mwih kaot.
Pada 8
Wong seger badanipun,
otot daging kulit balung sungsum,
tumrah ing rah memarah antenging ati,
antenging ati nunungku,
angruwat ruweting batos.
Pada 9
Mangkono mungguh ingsun,
ananging ta sarehne asnafun,
beda-beda panduk panduming dumadi,
sayektine nora jumbuh,
tekad kang padha linakon.
Pada 10
Nanging ta paksa tutur,
rehning tuwa tuwase mung catur,
bok lumuntur lantaraning reh utami,
sing sapa temen tinemu,
nugraha geming Kaprabon.
Pada 11
Samengko sembah kalbu,
yen lumintu uga dadi laku,
laku agung kang kagungan Narapati,
patitis tetesing kawruh,
meruhi marang kang momong.
Pada 12
Sucine tanpa banyu,
mung nyenyuda mring ersuasi kalbu,
pambukane tata, titi, ngati-ati
atetetp talaten atul,
tuladhan marang waspaos.
Pada 13
Mring jatining pandulu,
panduk ing ndon dedalan satuhu,
lamun lugu ersuasi reh maligi,
lageane tumalawung,
wenganing alam kinaot.
Pada 14
Yen wus kambah kadyeku,
sarat sareh saniskareng laku,
kalakone saka eneng, ening, eling,
Ilanging rasa tumlawung,
kono adile Hyang Manon.
Pada 15
Gagare ngunggar kayun,
tan kayungyun mring ayuning kayun,
bangsa anggit yen ginigit nora dadi,
Marma den awas den emut,
mring pamurunging lelakon.
Pada 16
Samengko kang tinutur,
sembah katri kang sayekti katur,
mring Hyang Sukma sukmanen sehari-hari,
arahen dipun kecakup,
sembah ing Jiwa sutengong.
Pada 17
Sayekti luwih prelu,
ingaranan pepuntoning laku,
kalakuan kang tumrap bangsaning batin,
sucine lan Awas Emut,
mring alame alam amot.
Pada 18
Ruktine ngangkah ngukut,
ngiket ngrukut triloka kakukut,
jagad agung gimulung lan jagad cilik,
Den kandel kumandel kulup,
mring kelaping alam kono.
Pada 19
Keleme mawa limut,
kalamatan jroning alam kanyut,
sanyatane iku kanyatan kaki,
Sajatine yen tan emut,
sayekti tan bisa awor.
Pada 20
Pamete saka luyut,
sarwa sareh saliring panganyut,
lamun yitna kayitnan kang mitayani,
tarlen mung pribadinipun,
kang katon tinonton kono.
Pada 21
Nging away salah surup,
kono ana sajatining Urub,
yeku urup pangarep uriping Budi,
sumirat sirat narawung,
kadya kartika katongton.
Pada 22
Yeku wenganing kalbu,
kabukane kang wengku winengku,
wewengkone wis kawengku neng sireki,
nging sira uga kawengku,
mring kang pindha kartika byor.
Pada 23
Samengko ingsun tutur,
gantya sembah ingkang kaping catur,
sembah Rasa karasa rosing dumadi,
dadine wis tanpa tuduh,
mung kalawan kasing Batos.
Pada 24
Kalamun ersua lugu,
aja pisan wani ngaku-aku,
antuk siku kang mangkono iku kaki,
kena uga wenang muluk,
kalamun wus pada melok.
Pada 25
Meloke ujar iku,
yen wus ilang sumelang ing kalbu,
ersu kandel kumandel ngandel mring takdir,
iku den awas den emut,
den memet yen arsa momot.
Pada 26
Pamoring ujar iku,
kudu santosa ing budi teguh,
sarta sabar tawekal legaweng ati,
trima lila ambeh sadu,
weruh wekasing dumados.
Pada 27
Sabarang tindak-tanduk,
tumindake lan sakadaripun,
den ngaksama kasisipaning ersua,
sumimpanga ing laku dur,
ersuasiv budi kang ngrodon.
Pada 28
Dadya wruh iya dudu,
yeku minangka pandaming kalbu,
ersua buka ing kijab bullah agaib,
sesengkeran kang sinerung,
dumunung telenging batos.
Pada 29
Rasaning urip iku
krana momor pamoring sawujud,
wujuddullah sumrambah ngalam sakalir,
lir manis kalawan madu,
endi arane ing kono.
Pada 30
Endi manis endi madu,
yen wis bisa nuksmeng pasang semu,
pasamaoning hebing kang Maha Suci,
kasikep ing tyas kacakup,
kasat mata lair batos.
Pada 31
Ing batin tan keliru,
kedhap kilap liniling ing kalbu,
kang minangka colok celaking Hyang Widi,
widadaning budi sadu,
pandak panduking liru nggon.
Pada 32
Nggonira mrih tulus,
kalaksitaning reh kang rinuruh,
ngayanira mrih wikal warananing gaib,
paranta lamun tan weruh,
sasmita jatining endhog.
Pada 33
Putih lan kuningpun,
lamun arsa titah teka mangsul,
dene nora mantra-mantra yen ing lair,
bisa aliru wujud,
kadadeyane ing kono.
Pada 34
Istingarah tan metu,
lawan istingarah tan lumebu,
dene ing njro wekasane dadi njawi,
raksana kang tuwajuh,
aja kongsi kabasturon.
Pada 35
Karana yen kebanjur,
kajantaka tumekeng ersua,
tanpa tuwas yen tiwasa ing dumadi,
dadi wong ina tan wruh,
dheweke den anggep dhayoh.