Carane nyerat tembang macapat yaiku:
Nemtokake gagasan utawa tema kang arep digawe tembang
Nemtokake tembang sing arep digawe
Nulis paugeran tembange (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune)
Gawe ukara-ukara kang selaras karo paugerane
Nliti meneh ukara-ukara kang wis disusun supaya trep karo paugeran lan nyambung antarane baris siji lan sijine
Tuladhane:
Nemtokake tema tembang: Pawiyatan (sekolah)
Gawe tembang Gambuh
Paugerane yaiku 7u,10u,12i,8u,8o
Gawe ukara kang selaras:
7u: sapa sregep sinau
10u: mesthi bakal entuk akeh ilmu
12i: ilmu kang bisa manfangati ing urip
8u: aja wani marang guru
8o: mundhak dadi bocah bodho