MULAI DARI DIRI
Para siswa sampun nate maos Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula pada 6,7,8 ?
EKSPLORASI KONSEP
Mangga dipunsimak vidio Serat Wulanhreh pupuh Dhandhanggula ing ngandhap menika pada 1.
Salajengipun mangga dipun waos Serat Wulangreh pupuh Gambuh pada 6,7,8 !
Pada 6
nora kena lamun den antepi
yen ucula sing patang prakara
nora enak legetane
tan wurung ninggal wektu
panganggepe wus angengkoki
nora kudu sembahyang
wus salat katengsun
banjure mbuwang sarengat
batal karam nora nganggo den singgahi
bubrah sakehing tata
Pada 7
angel temen ing jaman samangkin
ingkang pantes ginuronan
akeh wong njaja ngelmune
lan arang ingkang manut
yen wong ngelmu ingkang netepi
ing panggawene sarak
den arani luput
nanging iya sasenengan
nora kena den uwor kareping janmi
pepancene priyangga
Pada 8
ingkang lumrah ing mangsa puniki
apan guru ingkang golek sabat
tuhu kuwalik tingale
kang wus lumrah karuhun
jaman kuna mapan si murid
ingkang padha ngupaya
kudu anggeguru
samengko iki tan nora
Kyahi Guru naruthuk ngupaya murid
dadia kanthinira
KOLABORASI
GARAPEN SOAL ING NGISOR IKI
Tulisen isine tembang Dhandhanggula pada 6,7,8 !
Apa manfaate sinau tembang kasebut ?
REFLEKSI
Apa kowe kangelan nalika sinau tembang Dhandhanggula pada 6,7,8, ?
Tulis jawabmu ing buku tulis !