MULAI DARI DIRI
Para siswa kelas 9 menapa sampun nate mireng serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula pada/ bait 4, 5 ?
EKSPLORASI KONSEP
Mangga dipunwaos Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula pada 4,5 ing ngandhap menika!
Pada 4
Nanging yen sira nggeguru kaki
amiliha manungsa kang nyata
ingkang becik martabate
sarta kang wruh ing kukum
kang ngibadah lan kang ngirangi
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawewehing liyan
iku pantes sira guronana kaki
sartane kawruhana
Pada 5
Lamun ana wong micareng ngelmi
tan mupakat ing patang prakara
aja sira age age
anganggep nyatanipun
saringana dipunbaresih
limbangen lan kang patang
prakara rumuhun
dalil kadis lan ijemak
myang kiyase papat iku salah siji
anaa kang mupakat
KOLABORASI
Ayo diskusi ing kelompoke !
Tulisen isine tembang Dhandhanggula pada 4,5 kasebut !
Tulisen manfaate sinau tembang Dhandhanggulapada 4,5 kasebut !
REFLEKSI
Apa kowe kangelan nyinaoni tembang dhandhanggula pada 4,5 ?