Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi : Gawe/Ngripta Teks Sesorah
Kelas/Semester : XI / Gasal
Tujuan Pembelajaran:
Siswa bisa ngripta/gawe teks sesorah banjur siswa uga bisa ngaturake sesorah kang wus digawe mau.
TUGAS 1 GAWE/NGRIPTA SESORAH
Pituduh nggarap :
Coba gawea teks sesorah kanthi tema ing ngisor iki (pilihen siji wae) :
▪️ Karesikan lingkungan ing SMA N 1 Karangdowo.
▪️ Katertiban siswa ing SMAN 1 Karangdowo.
▪️ Budaya Disiplin Positif ing SMAN 1 Karangdowo.
Gunakna basa sing trep lan gampang dimangertèni. Aja lali tetep nganggo tatakrama basa Jawa, kaya panggunaan krama alus utawa ngoko alus.
Asil garap dikirim ana ing googleform kanthi link : https://forms.gle/yp4DUFUqKCLLTcgW6
TUGAS 2 PRAKTIK NGATURAKE SESORAH
Pituduh nggarap :
Teks sesorah asil ngripta mau banjur praktikna (pilih salah siji metode sesorah kang kok senengi) !
Anggone praktik bisa kanthi langsung ana ing sakngarepe kanca-kanca ing kelas (direkam vidio), uga bisa kanthi rekaman vidio dhewe ing ngomah.
Asil praktik arupa vidio bisa diunggah ana ing media sosial, kayata youtube.
Link youtube bisa dikirim ana ing link : https://forms.gle/yp4DUFUqKCLLTcgW6