SESORAH
Endarwati, S. Pd.
Endarwati, S. Pd.
PANGERTOSAN (Pengertian)
Sesorah uga diarani pidhato basa Jawa. Sesorah iku medhar sabda utawa ngetokake gagasan, pendapat, rasa, saking manah gegayutan kaliyan babagan tartemtu kanti sarana lesan ana sak ngarepe wong akeh kang duweni ancas ngajak wong liya supaya wong kasebut bisa nglakoni apa kang diomongke. Wong kang sesorah utawa medhar sabda disebut pamedhar sabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Ringkese sesorah utawa tanggap wacana (sesorah) iku ngomong ana ing sangarepe wong akeh kanthi ancas utawa tujuwan kang gumathok.
ANCAS/TUJUAN SESORAH
Sesorah kang tujuwane menehi informasi marang wong kang ngrungokake.
Sesorah kang tujuwane menehi panglipur kanggo wong kang ngrungokake.
Sesorah kang tujuwane hamemilut (mempengaruhi) utawa ngajak-ajak.
WUJUD/JENIS SESORAH
Wujud Sesorah manut tradhisi Jawa dibedakake ngisor iki:
1. Atur pambagyaharjo.
2. Atur pawartos.
3. Tanggap sabda.
4. Atur panglipur.
5. Pangarep-arep.
6. Medhar sabda utawa ular-ular.
PERANGAN/BAGIAN SESORAH
Salam Pambuka : Ngaturake salam kang kapisan banjur nyebutake asma para rawuh.
Pambuka utawa purwaka : Atur panuwun marang para tamu undhangan lan atur puji syukur marang Gusti.
Surasaning basa / isi / wos sesorah Undheran / kabeh bab kang diwedharake.
Dudutan (simpulan) Intisarine wedharan.
Pangajeng-ajeng : Bab kang dikajengake dening ingkang nindakake sesorah dhateng wong kang ngrungokake.
Wasana/ panutup : Atur panuwun lan nyuwun pangapura menawa ana kaluputan anggone atur wedharan.
Salam panutup : Ngaturake salam kang pungkasan.
METODE/CARA NGATURAKE SESORAH
Sesorah kanthi Cara (Model) Apalan Sesorah cara apalan yaiku sadurunge sesorah wis gawe tulisan utawa naskah sesorah, diapalake wiwit tembung.
Sesorah kanthi Cara (Model) Naskah utawa Teks Sesorah cara naskah utawa teks, cara iki wong kang sesorah nggawa teks sesora naskah utawa catetan sesorah digunakake dening para pejabat utawa punggaw negari, mligine ing upacara-upacara resmi.
Sesorah kanthi Cara (Model) dadakan utawa Impromtu Boten kanyana-nyana sadurunge menawa arep aturi sesorah.
Sesorah kanthi cara (Model) Eksemproran Wong kang sesorah utawa sesorah ngowo utawa gawe catetan cilk minangka gaman utawa pangeleng-eling urutan kang arep di wedharake.
BAB KANG DIGATEKAKE NALIKA NGATURAKE SESORAH
Busana (Ageman) : Anggone nganggo busana kudu kajumbuhna kaliyan keperluwan, ana ing adicara apa kang bakal diayahi.
Subasita (Trapsila, tata Krama) : Trapsila, Solah bawa aja nganti direka daya, prayoga kang prasaja bae.
Swara (Vokal, basa Populer) : Wetune lesan kudu kagladhi, supaya bisa luwih cetha wetune swarane. Pocapan uga kudu digatekake kanthi cetha.
Basa tuwin sastra : Basa kang kagunakake kedah miturut tuntunane sastra kang bener, pramila tembung kang candhake dironce ukara kang trep, luwes lan prasaja dirungokake.