Ing kagiyatan iki bocah-bocah nerusake kagiyatan nggawe buku saku, mung kanthi tema kang beda yaiku Basa Jawa. Sing kudu ditulis ing buku saku basa Jawa yaiku Aksara Jawa Legena lan pasangane.
.
Tujuan nggawe buku saku iki kalebu:
Nyengkuyung siswa dadi mandiri lan kreatif
Saben kelas nduweni buku saku lan ndadekake buku saku minangka salah sawijining referensi pamulangan siswa ing kelas
Ningkatake kaprigelan literasi bocah nemokake lan nulis materi penting kanggo ditulis ing buku saku.
Langkah-langkah nggawe buku saku:
Mangga sakkelas dibagi dadi 6 kelompok
1 lembar kertas buffalo di kethok dadi 8 bagean kanthi ukuran sing padha (kaya contone wingi)
Kanggo kegiatan iki mbutuhake 3 lembar kertas buffalo
Ing lembar kapisan, tulisen judhul lan jeneng anggota kelompok
Lembar sabanjure ditulis aksara legena, pasangane, lan munine.
Sak lembar kanggo siji aksara kaya conto ing ngisor (20 aksara = 20 lembar)
Kertas kasebut dibolongi banjur ditaleni nganggo pita
Tuladha panulisan aksara legena, pasangan lan swaraneÂ