Cariyos Lakon Karna Tanding
Ing wiwitan cariyos wonten prajurit pandawa saha kurawa ingkang perang lajeng Dursasana ngendika menawi gatotkaca putra werkudara sampun gesang lajeng Werkudara boten gadah kekuatan. Werkudara saha Dursasana perang adus getih, saking perang menika Dursasana licik mlayu ing lepen cingcingoling. Semar ngendika kaliyan Werkudara menawi lepen cingcinggoling menika lepen ingkang saged dadosaken apes kangge sapa kemawon ingkang mlebet wonten lepen menika. Semar ugi ngendika menawi Werkudra botensah perang kaliyan Dursasana. Dursasana ngece kaliyan Werkudara menawi Werkudara jirih boten wani perang. Semar ngendika kaliyan Petruk menawi Petruk ngewangi Werkudara kangge perang. Dursasana kaliyan Petruk saha Bagong perang lambe ing ngajengipun lepen. Dursasana lajeng medal saking lepen nguyak Bagong saha Petruk, lajeng Werkudara mancal Dursasana. Werkudara saha Dursasana perang, Dursasana dipuncekel kaliyan Werkudara, Werkudara ngendika menawi Dursasana nyio-nyio Pandawa nalika Dursasana taksih cilik, Dursasana nganggep menawi Drupadi dipunanggep planyan, pas pandawa wonten ing wana menika dipun obong kaliyan Dursasana. Lajeng Dursasana dipun banting kaliyan Werkudara, Dursasana dipun sampurnakaken kaliyan Werkudara ngagem kuku pancanaka lajeng dipun banting.
Wonten ing papan Ngestina prabu Salya ngendika menawi prabu Duryudana botensah getuni menawi Dursasana sampun pejah. Prabu Duryudana boten getuni menawi sapa kemawon ingkang sampung gugur ing baratayuda. Prabu Salya ngendika menawi prabu Duryudana kedah menggalih amargi pitunganipun tiyang ingkang perang inggih menika menang utawi kalah, mukti utawi mati, saha prabu Salya ugi ngendika menawi kasekten menika boten saget dipunajukaen wonten ing madyaning pabaratan. Prabu Salya ugi ngendika menawi prabu Duryudana kedah milih gantosipun senopati, amargi Dursasana sampun pejah. Prabu Duryudana ngendika menawi Prabu Karna ingkang dados senopati ingkang dados gantosipun Dursasana. Prabu Karna nyuwun kaliyan prabu Duryudana menawi boten wonten ingkang ngusiri dateng raka ingngawangga kejawi naming kanjeng rama Mandaraka. Prabu Salya menggak prabu Karna amargi boten memper sampun ngasoraken derajatipun tiyang sepuh. Prabu Salya nyuwun dasaripun menawi sampun wantun kongkonan tiyang sepuh dados kusiripun prabu Karna. Prabu Karna ngendika menawi boten badhe ngewirang-wirangke tiyang sepuh ananging badhe njunjung derajatipun tiyang sepuh. Prabu Salya saguh nampi dasaripun prabu Karna lajeng prabu Duryudana badhe biyawarakaken bilih ingkang dados senopati menika prabu Karna. Lajeng para Kurawa majeng dhateng ing pabaratan.
Wonten ing pesanggrahan Adipati Karna wonten Dewi Surtikanti ingkang nengga kunduripun prabu Karna. Prabu Karna nyuwun palilah saking dewi Surtikanti menawi prabu Karna badhe menyang wonten ing pabaratan. Prabu Karna kempal kaliyan Durta lan Jayarata ingkang dados senopati pengapit. Lajeng prabu Karna saha kurawa majeng wonten ing pabaratan.
Wonten ing pesanggrahan glagahtinulu, Senjaya sowan marang Sembadra saha Srikandi. Sanjaya nyuwun marah Sembadra menawi Sanjaya badhe manunggal dhateng pandawa amergi namung gabul pulute marang kurawa. Ananing Srikandi boten percaya marang Sanjaya amergi Sanjaya menika asring kempal kaliyan kurawa. Sanjaya medal saking pesanggrahan kala wau lajeng ngampil jemparing kangge manah kurawa.
Prabu Karna boten trimah amergi Sanjaya sampun manah para kurawa. Lajeng prabu Karna saha Sanjaya perang, prabu Karna ngampil jemparing kangge manah Sanjaya. Sanjaya kena jemparing lajeng Sanjaya pejah wonten ing pabaratan. Mban Suwega lan Mban Sukendra abdi saking Madukara ugi perang lajeng kekalihipun pejah.
Petruk ngendika kaliyan Srikandi bilih Sanjaya sampun seda lajeng petruk ngendika bilih saenipun dewi Srikandi ngendika dhateng para pandawa amergi Ngestina sampun wonten senopatinipun.
Eyang ingkang badhe kempal kaliyan Werkudara, Kresna, Arjuna, saha Puntadewa ngrembag bilih putra pandawa ingkang sampun seda menika saget dados kusumaning bangsa wonten labuh bebener ing jagad. Kresna ugi ngendika bilih botensah ngrembag putra pandawa ingkang sampun gugur ing pabaratan amargi saged dadosaken ngendelong para pandawa ingkang taksih perang baratayuda. Srikandi dateng wonten ing pesanggrahan ngendika bilih ingkang dados senopati Ngestina inggih menika prabu Karna. Arjuna madep antep dados senaopati ingkang badhe perang kaliyan prabu Karna. Kresna ngendika bilih Arjuna dipun dadosaken senopati saha Werkudara dados senopati pengapit. Arjuna lajeng majeng wonten ing pabaratan kaliyan Werkudara.
Prajurit Kurawa saha Prajurit Pandawa perang. Durgandasena ingkang dados senopati pengapit majeng perang lawan Werkudara ingkang dados senopati pengapit ugi. Durgandasena dipun idak lajeng dipun banting kaliyan Werkudara saengga Dirgandasena sirna ingkang andadosaken tuk ingkang dados lepen naminipun kali rambut. Werkudara majeng malih wonten ing pabaratan lajeng perang kaliyan Durta lan Jayarata. Durta lan Jayarata dipunpecah sirahipun saengga raden kekalih menika sirna.
Prabu Karna lajeng nantang kaliyan senopati pandawa. Arjuna ingkang majeng wonten ing pabaratan. Prabu Karna saha Arjuna perang lajeng nitih turangga utawi jaran. Prabu Karna nitih turangga kyai prana gati, raden Arjuna nitih turangga. Senopati kekalih perang ngangge turangga, lajeng prabu Karna mundur minggah wonten ing kreta kangge perang jemparing. Prabu Karna minggah wonten ing kreta ingkang kusiripun prabu Salya, lajeng Arjuna minggah kreta ingkang kusiripun Kresna.
Prabu Karna lajeng ngendika marang Swarahadi manggala kangge matur dening Surtikanti kangge sadak ganten kangge pangantep-antep prabu Karna wonten ing pabaratan. Lajeng Swarahadi manggala klentu ngendika dening Surtikanti bilih prabu Karna sampun seda, lajeng Surtikanti mejahi piyambakipun ngangge patrem saengga Surtikanti pejah. Swarahadi manggala lajeng sowan ing prabu Karna bilih Swarahadi manggala klentu ngendika kaliyan Surtikanti, Swarahadi manggala lajeng dipun pejahi prabu Karna. Lajeng prabu Salya mireng bilih Surtikanti pejah saengga prabu Salya ngendika bilih wonten ing perang boten nyawang sanak kadang mitra kawruh, lajeng prabu Salya dawuh marang prabu Karna bilih manjing wonten ing pabaratan. Prabu Karna nitih kreta mbeta jemparing ananging dipun cegat kaliyan Hardawalika ingkang badhe biyantu prabu Karna lajeng Hardawalika manjing wonten ing pusaka. Ananging prabu Karna boten sarujuk amargi drajatipun boten sami kaliyan prabu Karna.
Prabu Karna kaliyan prabu Salya majeng wonten ing pabaratan saha Arjuna lan Kresna ugi majeng wonten ing pabaratan. Narada mudun wonten ing pabaratan badhe dandani Arjuna ngangge lorotaning toponging sang hyang girinata. Lajeng Arjuna nguncalake jemparing ingkang kena prabu Karna saengga prabu Karna pejah. Ananging Arjuna taksih saget mireng suaranipun prabu Karna, Kresna ngendika bilih menika boten suaranipun prabu Karna ananging saking pusaka kyaikaladete, saengga Arjuna kedah nyedakke pusakanipun Arjuna, pusaka kyaikaladete uwal saking warangka saengga pusaka kekalih menika minggah wonten kayangan