Budi pakartine wong kang nindakake pacelathon, kaya ing ngisor iki:
1. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
2. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
3. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton.
4. Polatane (wajah/ pandangan) uga nganggo waton, aja nganti mencereng-mencereng upamane.
5. Intonasi (lagune) uga nganggo waton, ora angger bengok-bengok.