Pacelathon klebu peranganing kasusastran Jawa. Pacelathon asale saka tembung lingga celathu. Celathu tegese omongan utawi guneman. Pacelathon tegese omong-omongan wong loro utawa luwih, kekarone bisa gentenan minangka panutur lan mitra tutur (ana sing ngomong la nana sing nanggepi/ ngrungokake). Wong kang nindakake pacelathon kudu gatekake budi pakarti (unggah-ungguh basa)