Pitedah / Petunjuk
Pitedah / Petunjuk
PITEDAH NAVIGASI
Bikak media mawi link https://sites.google.com/student.uny.ac.id/sinemala/pitedah ngginakaken browser wonten ing laptop, hp, utawi gadget sanesipun.
Wonten menu utama, pilih menu menapa ingkang badhe dipunbikak. Wonten kompetensi saha profil, pitedah, materi, gladhen, kapustakan.
Klik gambar utawi seratan saking menu ingkang dipunpilih.
Wonten ing menu ingkang dipunbikak wonten tombol. Tombol ingkang saged dipunklik (cek wonten pitedah tombol)
Menawi sampun ngginakaken menu menika, bikak malih menu utama kangge milih menu sanesipun.
Menawi sampun rampung anggenipun ngginakaken media, tutup tab media saking browser.
PITEDAH PASIONAON
Miwiti pasinaon kanthi dedonga miturut kapitadosan piyambak-piyambak.
Guru nyekaraken sekar macapat Dhandhanggula, lajeng maringaken pitakenan pemantik kados dene: "sinten ingkang mangertos menapa ingkang sampun kula tindakaken kalawau?" utawi "kadospundi raos pangraos saking para siswa nalika mirengaken tembang macapat Dhandhanggula kalawau?".
Guru saged mbikak website Sinemala wonten ing LCD Proyektor utawi saged dipunkintun link website Sinemala menika dhateng para pasarta dhidhik kanthi link: www.tinyurl.com/mediasinemala
Guru miwiti ngajar kanthi ngandharaken 'Kompetensi', lajeng saged mlebet dhateng kaca 'Materi' kanthi nyinaoni materinipun.
Sasampunipun materi rampung, guru saged mbikak sesi tanya jawab supados pasarta dhidhik paham saestu.
Lajeng, bikak kaca 'Gladhen' kangge nggladhi kawruh pasarta dhidhik gayut kaliyan materi ingkang sampun dipunsinaoni.
Apresiasi kangge para siswa, lajeng saged dipundudut kesan pesan saking pasinaon kalawau. Wasana, dipunpungkasi kanthi dedonga sesarengan.
TOMBOL
Tombol Beranda
Kangge balik wonten ing kaca beranda
Tombol Saderengipun
Kangge wangsul dhateng kaca saderengipun.
Tombol Salajengipun
Kangge mbikak kaca salajengipun.
Tombol SEARCH
Kangge madosi tembung utawi kata kunci ingkang wonten ing salebetipun kaca.
Tombol KACA
Tombol menika wonten ing beranda mawi gambar-gambar, saged dipunklik kangge mlebet ing kaca sanesipun, inggih menika: (1) Kompetensi, (2) Pitedah, (3) Materi, (4) Gladhen, (5) Kapustakan. Sasanesipun menika, kangge mbikak kaca-kaca saged ngginakaken menu ingkang saged dipunbikak wonten ing sisih kiwa.