Materi
Materi
A. Pangertosan Tembang Macapat
Tembang macapat inggih menika dhapukan sekar saking ewahan geguritan Jawi tradisional ingkang ngginakaken basa Jawi Anyar mawi paugeran utawi pakem sastra Jawi (Suwanto & Winarni, dalam Ramadhanti & Ayundasari 2021). Salebeting tembang macapat, wonten perangan cakepan/syair saha titi laras/notasi. Tembang macapat gadhah isi inggih menika pitedah utawi wejangan ingkang dipunaturaken kanthi cara ingkang wicaksana (Zahra, 2018).
B. Jinis & Watak Tembang Macapat
Miturut Darusuprapta (1989), Tembang macapat kaperang dados 11 jinis sekar miturut proses lelampahan janma, awit saking miyos ngantos dumugi sedanipun. Tembang macapat ugi gadhah cariyos saha watak ingkang kaandharaken wonten ing ngandhap menika:
Maskumambang
Saking tembung 'mas' ingkang ateges samubarang awis saha 'kumambang' ingkang ateges ngambang, dados wewayanganing jejabang ingkang taksih dipunandhut dening Ibunipun.
Watak tembang : Susah, sedhih, prihatin
Mijil
Nyariyosaken nalika jejabang ingkang kaandhut wonten guwa garba sampun miyos wonten ing jagad menika.
Watak tembang : Trenyuh, tumlawung
Kinanthi
Saking tembung lingga 'kanthi', kinanthi dipunwastani nuntun lare alit supados saged mlampah piyambak.
Watak tembang : Bingah, bagya, asih
Sinom
Sinom ateges lare alit ingkang taksih enem badhe tumapak diwasa, kedah gadhah ngelmi/kawruh ingkang kathah.
Watak tembang : Wibawa, sumringah
Asmarandana
Saking tembung 'asmara' ingkang ateges tresna saha 'dana/dahana' ingkang ateges agni, mitandhani nalika janma sampun gadhah raos tresna jaler-estri.
Watak tembang : Sedhih, wuyung, prihatin
Gambuh
Gambuh ateges jumbuh. Nyariosaken bilih janma samangke sampun cocog ing antawisipun tresnaning jaler-estri, lajeng badhe nindhakaken palakrama.
Watak tembang : Lugu, cetha, prasaja
Dhandhanggula
Tembung 'dhandhang' saking tembung gegadhangan utawi pangajab, dene tembung 'gula' ateges manis. Dhandhanggula nyariosaken anggenipun bebrayan ageng ing kulawarga ingkang dipunajab kautaman gesang.
Watak tembang : Manis, endah, sumringah
Durma
Durma saking tembung 'darma' ingkang tegesipun samubarang ingkang dipunsukani. Anggenipun njagi kulawarga, janma mesthi badhe pinanggih bingah susahipun pagesangan.
Watak tembang : Sigrak, muntab, keras
Pangkur
Saking tembung 'mungkur' ingkang ateges nilaraken, ingkang dipuntilaraken nalika janma sampun yuswa, inggih menika tumindak ingkang kirang sae saha tansah cinaket mring ugami.
Watak tembang : Gumyak, gagah pideksa
Megatruh
Saking tembung kriya tanduk 'megat' saha 'ruh' utawi jiwa. Megatruh inggih menika pungkasaning gesang janma nalika jiwa saha angganipun badhe pinisah, prasasat megat ruhipun.
Watak tembang : Kuciwa, sedhih, prihatin
Pocung
Saking tembung 'pocong' inggih menika janma sampun murud kasedan jati badhe wangsul malih mring Pangeran.
Watak tembang : Sembrana, lucu/guyon
C. Paugeran Tembang Macapat
Katingal saking titikanipun, tembang macapat gadhah titikan khusus ingkang kasebat paugeran wonten ing basa Jawi, inggih menika kanthi wontenipun guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu minangka titikanipun (Poncorini dalam Nugrahanta, 2023).
Guru gatra, inggih menika cacahing larik/gatra saben satunggal pada/bait.
Guru wilangan, inggih menika cacahin wanda saben satunggal gatra.
Guru lagu, inggih menika pungkasaning vokal saben satunggal gatra.
TABEL PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
SUMBER: PRIBADHI
(Wonten ing nginggil menika sampun kaandharaken tabel guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu saben jinising tembang macapat ingkang cacah wonten 11.)
A. Pangertosan Tembang Macapat Dhandhanggula
Tembang macapat Dhandhanggula inggih menika salah satunggaling tembang macapat ingkang gadhah gatra paling kathah, inggih menika 10 gatra. Dhandhanggula darbe cariyos anggenipun janma sampun tumapak wonten alam kulawarga, badhe ngraosaken bingah-susahing pagesangan. Watak tembang Dhandhanggula inggih menika manis, endah, saha sumringah.
B. Paugeran Tembang Macapat Dhandhanggula
Guru gatra : 10 gatra/larik
Guru wilangan & guru lagu : 10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a
C. Tuladha & Pirembagan Tembang Macapat Dhandhanggula
GAMBAR MATERI DHANDHANGGULA
SUMBER: PRIBADHI
Ing nginggil menika sampun kaandharaken materi saha pirembagan mawi dudutan inggih menika:
Paugeran guru gatra, guru wilangan & guru lagu sampun kacocogaken kaliyan pakem tembang wonten ing TABEL 1
Anggenipun ngupadi teges saking tembung ingkang awrat utawi basa rinengga (basa ingkang dipunpaesi), ngginakaken bausastra online ingkang sumberipun kredibel, inggih menika:
Isi saking tembang macapat Dhandhanggula saged dipunpadosi sasampunipun mangertosi teges saking tembung-tembung ingkang awrat, lajeng saged katingal teges saben gatranipun saha saged dipundudut intisari saking cakepan tembang macapat.
D. Caranipun Analisis Tembang Macapat Dhandhanggula
Mangertosi paugeran tembang macapat Dhandhanggula kanthi ngetang jumlah gatra saben padanipun (guru gatra), saha ngetang cacahing wanda + vokal pungkasan saben gatranipun (guru wilangan-guru lagu)
Mangertosi tema menapa salebeting TM Dhandhanggula
Negesi tembung awrat/tembung abasa Jawi Kina utawi basa rinengga kanthi bausastra online ingkang sumberipun sampun cetha: https://www.sastra.org/leksikon.
Negesi tetembungan saben gatranipun.
Pungkasan, ndudut isining tembang macapat Dhandhanggula migunakaken basa padintenan utawi basa Jawi Krama.
VIDEO NYEKAR MACAPAT DHANDHANGGULA
SUMBER: PRIBADHI
Anggenipun nyekar tembang macapat Dhandhanggula, wonten saperangan wigatos ingkang kedah dipunmangertosi dening tiyang ingkang badhe nyekar, inggih menika:
Wirama, dhasar vokal
Anggenipun nyekar kedah medalaken swanten ingkag trep saha pas kaliyan titi laras saben wandanipun. Manawi boten cocog, samangke saged ical saking larasipun utawi mblero/fals. Dhasar vokal saben tiyang ugi beda-beda, dados kedah dipungatosaken karakter swantenipun piyambak.
Wiraga, unggah-ungguh
Anggenipun nyekar kedah mawi unggah-ungguh ingkang trep, kapurwakan saking ngaturaken salam, pitepangan dhiri, ngandharaken identitas tembang ingkang badhe dipunaturaken (jinis tembang, judhul, laras saha pathet, cengkok manawi wonten, saha pangripta), ngantos dumugi salam panutup. Manawi nyekar, ugi kedah ngginakaken busana ingkang sae. Langkung prayogi manawi ngagem busana adat Jawi.
Wirasa
Ekspresi dhiri kedah dipungatosaken saha kacocogaken kaliyan isining tembang macapat ingkang saweg kaaturaken. Kadosdene: swasananipun sedhih/muntab/bingah, kenceng kendhonipun, lan sapanunggalanipun. Menika supados surasaning tembang macapat saged tinampi dening pamidhanget kanthi trenyuhing penggalih.
Pedhotan, andhegan
Anggenipun medhot tembung kanthi wanda kedah cetha, anggenipun mandheg utawi minggah mandhaping intonasi kedah cocog. Sasanesipun kangge nyethakaken tembung, pedhotan saha andhegan dipundamel supados tiyang ingkang nyekar wonten wekdal kangge ambegan.
Artikulasi
Artikulasi inggih menika cetha botenipun swanten ingkang medal saha ewahing thuthuk. Vokal kaliyan konsonanipun cetha, kadosdene: bedanipun ta/tha/da/dha, ugi cethanipun lafal vokal fonem a, i, u , e, o, lan sapanunggalanipun.