Pitulung Ibu Kang Nggambar Sambatantu
Pitulung Ibu Kang Nggambar Sambatantu
Aku arep nyritakake pengalaman nalika nindakake ujian praktik prakarya saka sekolah, yaiku masak olahan bekal sehat Sandwich Nugget Ayam nganggo sayuran lan Saus Spesial. Rencana iki wis tak pikirake saka dina Sabtu lan aku langsung nyuwun tulung marang ibuk.
"Bu, kulo Senin entuk ujian praktek ketrampilan prakarya belal sehat saking sekolah. Kula Bade masak sandwich nugget ayam homemade, nggih. Kulo nyuwun tulung dipunparingi pituduh carane lan dipuncekeli belanja bahan-bahane," aturku halus. Ibu mesem alon lan mangsuli, "Inggih, Nduk. Sesuk esuk kita tindak pasar bareng, nggih?"
Isuke, aku lan ibu lunga menyang pasar Gotong Royong Probolinggo. Suasana pasar rame lan semarak, nanging ibu sabar banget nuntun aku milih bahan-bahan sing apik. Ibu ngandhani, "Yen milih ayam, sing seger ya, Nduk. Iki filet ayam sing apik." Saliyane ayam, aku lan ibu tuku roti tawar, selada, tomat, mentimun, lan bahan kanggo saus ana mayones, saos tomat, saos sambel, lada,minyak wijen lan liyan liyane. Sakwise tekan omah, aku nyiapake bahan lan ibu wiwit nerangake proses masake. "Daging ayame di blender luwih dhisik, banjur dicampur karo bumbu-bumbu. Banjur dibentuk kaya nugget lan digoreng nganti kuning kemasan, nanging aja nganti garing banget," pangandikane ibu kanthi sabar.
Aku nyoba nggarape dhewe karo bimbingan ibu. Saben langkah tak tindakake kanthi telaten. Saose tak racik nganggo mayones lan saos tomat, saos sambel, minyak wijen, lada bubuk lan dicampur peresan jeruk nipis supaya ana rasa segere. Banjur aku nyusun sandwich, roti tawar dipanggang tipis, ditumpuki selada, tomat, nugget ayam panas, lan saus spesial.
Sakwise rampung, aku masang sandwich kuwi ing piring, arep didadikne sajian. Nangingsak durunge rampung ngemas, ibu ndangu, "Nak, wis nyiapke kotak kanggo ngemas sandwich-e durung? Besok kudu digawa menyang sekolah, nggih?"
Aku kaget sithik lan mangsuli, "Wah, durung, Bu. Nggih, kulo damel kotak balok mawon saka kertas duplek, kula ukur sekalian ben pas."
Ibu mangsuli, "Apik. Sing rapih nggih” Aku banjur nyiapke wadah bentuk balok saka kertas duplek tak ukur dawane, ambane, lan dhuwuré nganggo penggaris. Wadah kuwi tak gunakake kanggo ngemas sandwich ben luwih rapih lan digawa menyang sekolah kanggo penilaian ujian praktek Matematika.
Sakwise rampung kabeh, aku rumangsa lega. Dina Senin aku nglakoni ujian praktik prakarya lan matematika kanthi lancar. Sandwich sing tak gawe disuguhake kanthi apik, dikemas ing kotak balok sing wis tak siapke. Guru prakarya lan Matematika NDELENG asil gawean ku lan nyathet penilaian.
Aku rumangsa seneng lan bersyukur banget amarga kabeh usaha sing wis tak lakoni ora sia-sia. Aku ngarep-arep Hasile bisa maksimal lan maringi nilai apik kanggo Ujian Praktik Prakarya lan Matematika. Aku matur nuwun sanget marang ibu sing wis sabar mbimbing lan ndampingi aku saka awal nganti rampung. Tanpa ibu, aku ora bakal bisa nyiapake kabeh kanthi becik kaya mangkene.