Oleh : Fajar Suryanto, S. Pd
Saking Tular tinular Aksara Jawa kang nyeptakake yaiku Aji Saka, rikala ing papan panggonan padepokan Pulamajeti. Ana ing cerita gambarke paroga yaiku Aji Saka, Dora, Lan Sembada. Wong loro kuwi muride saka Raden Aji saka. cekak carita Raden Aji Saka pengen nglembara lan ngejak Dora melu nglembara. Banjur niyipke keris marang Sembada. nalika nitipkake Raden Aji Saka meling marang Sembada “ Bilih keris iki tak titipke mara kowe aku pesen aja wanti wanti diweneke sapa wae menawa ora aku dewe sing jupuk keris iki''.
Raden Aji saka lan Dora lungga saka Padeponan nglembara saka papan siji uga papan liyane pindah pindah nganti suwe kang nglembara. nalik nglembara ing salah satungal papan yaiku Medang Kamulan Raden Aji Saka butuhke Keris kango ngalake Prabu Dewata Cengkar yang gemar memangsa manusia, Keris mau di tinggal lan dititipke kara Sembada. banjur Raden Aji Saka ngutus karo Dora jupuk Kerise mau. Tanpa mikir napa napa Dora nyaguhi apa dawuhe lan tumuju ing Padepoan jupuk Keris mau. Ana ing padepan Dora ngomong menawa dipun utus Raden Aji Saka jupuk Keris sing dititipake karo Sembada, nanging Sembada ora gelem wenehke keris amrago iseh kelingan apa kang di kandakake marang Raden Aji Saka yaiku “ wanti-wanti aja dewenke sapa wae kajaba sing jaluk aku”
Dora lan Sembada pada padudhan merga rebutan keris kuwi mau, Dora ngugemi menawa wis diutus karo Raden Aji Saka merga keris kuwi mau arep digunakake kanggo ngalahke Prabu Dewata Cengkar, nanging Sembada uga ngugemi apa kang di kandhakake marang dewek. wong loro padha padudha ngasi perang, merga Dora la Sembada padha sektine pungkasane loro lorone mati kabeh merga ngerbukake keris mau. Raden Aji Saka Krungu menawa Dora lan Sembada mati gegara rebutan keris. kanggo ngurmati matine Dora lan Sembada Raden Aji Saka nyiptakake Aksara Jawa kang unine:
HANACARAKA : Ana utusa
DATASAWALA : Padha Suwala (Perang)
PADHAJAYANYA : Padha Digdayane (padha kuat)
MAGABATHANGA : Wasana dadi bathang (padha matine)
Deret Aksara Jawa menika penghormatan Aji Saka kanggo Dora dan Sembada niki mau kang nganti saiki dienggo nulis utawa di ngerteni yaiku Aksara Jawa.