SASTRA PIWULANG
SERAT WEDHATAMA
SERAT WEDHATAMA
Tembang iku kalebu karya sastra kang duwe daya kekuwatan lan kaendahan.Tembang iku dipérang dadi telung kategori:
Tembang cilik
Tembang Macapat digolongaké kategori tembang cilik.
Tembang tengahan
Tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Tuladhane tembang tengahan : Balabak, Wirangrong, Jurudemung lan Girisa.
Tembang gedhé
Tembang gedhe arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna.
Nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak.
Tuladhane tembang gedhe : Kusumastuti, Citramengeng, Mintajiwa, Pamularsih.
Dadi tembang macapat iku kalebu ana ing jinise tembang “cilik”
Tembang macapat duweni paugeran-paugeran, kayata :
1) Guru gatra : cacahing gatra / larik (baris) saben sapada (bait).
2) Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (baris).
3) Guru lagu : tibaning swara (a,i,u,e,o) ing pungkasaning gatra (larik).
Tembang Macapat cacahe ana 11 tembang. Urut-urutané Tembang Macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut- urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
1. Maskumambang.
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon,
Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané
ibuné.
2. Mijil.
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3. Sinom.
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu
kawruh sak akèh-akèhé.
4. Kinanthi.
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing
alam ndonya.
5. Asmarandana.
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi
kodrat Ilahi.
6. Gambuh.
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya
lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7. Dhandhanggula.
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng- senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé
sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah /
bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
8. Durma.
Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih
marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma /
wèwèh marang sapadha – padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé
manungsa.
9. Pangkur.
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin
wèwèh marang sapadha - padha.
10. Megatruh.
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan
mring Sing Maha Kuwasa.
11. Pocung.
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV (KGPAA Mangkunegara IV). Serat wedhatama asale saka basa sansekerta. Wedhatama asale saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat Wedhatama iku wujude tembang Macapat, kanthi cacah 100 tembang kang dumadi saka 5 pupuh, yaiku :
Pangkur (14 Pada)
Sinom (18 Pada)
Pocung (15 Pada)
Gambuh (35 Pada)
Kinanthi (18 Pada)
PUPUH PANGKUR
Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning
kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri.
Manungsa kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana
ing donya.
Titikane tembang Pangkur :
- Guru gatra ana 7 gatra.
- Guru lagune a-i-u-a-a-a-i
- Guru wilangane 8-11-8-7-12-8-8
- Watake sereng (kasar), greget (semangat), lan tegas
- Sasmitane pangkur : pangkur, pungkur, ungkur, wuntat
Tuladhane tembang Pangkur Serat Wedhatama :
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.
PUPUH SINOM
Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati. Tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong
agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang kawulanelan
asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.
Titikane tembang Sinom :
- Guru gatra ana 9 gatra.
- Guru lagune a, i, a, i, i, u, a, i,a
- Guru wilangane 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
- Watake grapyak, renyah,sumanah
- Sasmitane sinom : sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, pangrawit, mudha, rema.
Tuladhane tembang Sinom Serat Wedhatama :
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
PUPUH POCUNG
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara ana
sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku
lila lan narima ,legawa atine lan pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
Titikane tembang Pocung :
- Guru gatra ana 4 gatra.
- Guru lagune u – a – i - ɔ
- Guru wilangane 12 – 6 – 8 - 12
- Watake gecul, sembranan, parikena, sakepenake
- Sasmitane pucung, kaluwak lan tembung-tembung mawa wanda (suku kata) “cung”
Tuladhane tembang Pocung Serat Wedhatama :
Ngelmu iku, Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
PUPUH GAMBUH
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing
batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun nglakoni sembayang.
Titikane tembang Gambuh :
- Guru gatra ana 5 gatra.
- Guru lagune u – u – i – u - o
- Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8
- Watake sumanak, sumadulur.
- Sasmitane gambuh, buh, jumbuh, dan tambuh
Tuladhane tembang Gambuh Serat Wedhatama :
Samengko ingsun tutur,
Sembah catur supaya lumuntur,
Dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu,
Tandha nugrahing Manon.
PUPUH KINANTHI
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
Piwulang kanggo kanoman
Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta mangerteni sumber ngelmu kang bener. Ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa, bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di duweni. Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta, warsis.
2. Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.
Titikane tembang Kinanthi :
- Guru gatra ana 6 gatra.
- Guru lagune u, i, a, i, a, i
- Guru wilangane 8, 8, 8, 8, 8, 8
- Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladhani
- Sasmitane kinanthi, kanthi, gandeng, kanthil
Tuladhane tembang Kinanthi Serat Wedhatama :
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.