TERUS MELAJU UNTUK INDOMESIA MAJU
AYO !!! KITA MERIAHKAN PERINGATAN PROKLAMASI KEMEREDEKAAN REPUBLIK INDONESIA KE 78 DENGAN BERPARTISIPASI DAN BERPERAN AKTIF DALAM RANGKAIAN KEGIATAN PHBN YANG DILAKSANAKAN RW VIII DEKET KULON, KECAMATAN DEKET KABUPATEN LAMONGAN
PERINGATAN KEMERDEKAAN INDONESIA NING RW VIII, ER WE ne AWAK DEWE REK !!! .... SING JUOSS …
Kaping Siji : Ngerias kampung ben meriah, masang umbul², hiasan gendero cilik², lampu sing cemlorot... lan ojo lali sing wajib, yoiku masang gendero merah putih sak tiyang penuh mulai tanggal siji nganti telungpuluh siji agustus (1 Agustus 23)
Kaping Pindho : Resik² Lingkungan, babat babat suket, Nandur wit wit an .... ben lingkungan asri, resik, ketoto rapi (5 - 6 Agustus 23)
Kaping Telu : Tumpengan malem pitulas, ben kethok lek awak dewe nduwe ati, matursuwun marang gusti Alloh, matursuwun nang poro pahlawan sing kanti ikhlas mbelo negoro iki. Jo lali tahun iki tumpengane bareng kabeh nok panggonan sing podho yoiku dalan nongko yo, jam pitu dalu ( 16 Agustus 2023)
Kaping Papat : lah ... iki acara puncak e rek !!! Tanggal rongpuluh agustus yo ....! Ono mlaku kewarasan jam setengah enem , ojo lali gawe klambi sing apik ben penampilan koyo artis artis mergo acara iki di syuting JTV, tur maneh nglewati ratan Dinar Residen ... terus mumet mumet gang gang omahe wong wong, ben gak ngisin ngisine lek ketemu bapak presiden. Ono ugo gerak badan karo instruktur sing uayu rupane ... lek Gak percoyo...ayo dibuktekno... Pak Joko mesti pinter milih.
Jam pitu isuk...senam e sampek sak kapok e ...sekitar sak jam an. Mari iku langsung mangan... mergo ono ibu ibu sing wis mbuka bazar .... ono sego kuning, sego ijo, sego rames, ayam ditutuk i, lan okeh sing liyane. Mangan sambi ndelok penyanyi ning nduwur panggung, nglipur awak dewe ben semangat.
Bar ngunu Pak ingsinyur Margono mulai mbuka arena gawe pencak sekitar jam wolunan.... Adu Tanding Lomba, ibu boloan karo bapak dolanan sedotan, nyunggi nyunggian, dolanan banyu, arek² yo podho dolanan nekeran bar kuwi mangan krupuk ben ndang kepingin ngombe es caone bu Suwadi.
Sakwise rampung kabeh...sekitar jam setengah songo an kabeh kegiatan dilereni mergo MC ne mbuka acara lan ngajak nyanyi Indonesia Raya bareng bareng, bar iku ngrungokno wejangane pak RW, Pak Kaji Dahlan Em Em... sekitar jam songo seprapat , yen pak ketua panitia ra usah wejangan yo... kesuwen mengko. Kik kik kik ...Wis leren sik... ayo ndelok tampilane penyanyi sak lagu ae ...
Mari iku Jam setengah songo diterusno adu nasib, ngundi kupon dorpres ,bejan bejan sopo sing oleh mobilio duwek e honda iku loh. Kolo kolo undiane dorpres di ndek ambek penyanyine mergo digandeng dijak nyanyi nang panggung. Acara diselang seling, ngundi-nyanyi, nyanyi-ngundi sampek pegel pak Katut,SE.
Jam sepuluh ...ono sesepuh sing ngekek i semangat berjuang, ikhlas menyumbangkan jiwa dan raga kanggo negoro. Mergo jam sepuloh mesti eling pekik merdeka. MERDEKA ! , MERDEKA !, MERDEKA!, ning dodo nganti kroso getaran perjuangan bangsa. Diterusno Dungo sik ben oleh berkah rejeki tambah okeh.
Bar kuwi jam sepuluh seprapat ono lagu perjuangan, puisi perjuangan lan kreatifitas arek² ERWE WOLU. Terus Ngundi maneh ... nyanyi maneh sampek jam suwelas seprapat. Kolo kolo dioplos karo acara tampilane arek cilik cilik sing lucu lucu tur puinter.
Jam setengah rolas... mulai persiapan Undian Hadiah Utama lek sido oleh Sumbangan wong wong Sugeeh utowo Sumbangan perusahaan. Lek gak ono ... ojo gelo……kabeh kuwi manut marang sing nggawe urip, rejeki yo diterimo, gak rejeki yo gak ngresulo. eH....TAPI JO RAME RAME YOOOO...TAK KANDHANI BOCORANE, ono hadiah soko Bonansa, Toko Family Kulon, Bank e wong Lamongan BDL ( BANK DAERAH LAMONGAN ) ngekek'i hadiah UTAMA : SEPEDA GUNUNG …, jek ono neh soko wong wong sing dermawan mbantu sopoyo acara iki iso meriah. Maturwuwun mugo mugo tambah lancar usaha ne, tambah akeh rejekine.
Acara rampung yo sekitar jam rolas an. Bapak bapak Panitia podho ndelik mojok lan ndodok, ngisi weteng sing wis keluwen ket mau.
Ayo kabeh !!! ... semangat ndukung kegiatan 17 an, lah mek setahun pisan ae. Mugo² tambah rukun karo koncone, saling membantu, nduweni semangat patriotik sing soyo gedhe, ngajeni marang wong sing luwih tua, ungah ungguhi soyo apik... pokok malih dadi apik e kabeh wargo ERWE WOLU DEKETKULON KECAMATAN DEKET KABUPATEN LAMONGAN, aamiin ... Jo lali yo rek ... Ayo ... do teko kabeh. Suwun-suwun
Perakitan Sepeda MTB Untuk Hadiah Jalan Sehat RW VIII Deketkulon Dalam Rangka Peringatan Proklamasi Kemerdekaan RI ke 78 Tahun 2023
Penyerahan Hadiah Utama Jalan Sehat HUT RI Ke 78 Tahun 2023 dari Perumda BPR Bank Daerah Lamongan kepada Ketua RW VIII Deketkulon, Deket, Lamongan
Penerima/ pemenang Hadiah Utama Jalan Sehat HUT RI Ke 78 Tahun 2023 RW VIII Deketkulon, Deket, Lamongan : Ny. Feryanto
Penerima/ pemenang Hadiah Utama Jalan Sehat HUT RI Ke 78 Tahun 2023 RW VIII Deketkulon, Deket, Lamongan : Ny. Feryanto
Ucapan Terima Kasih
Segenap Panitia PHBN Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia RW VIII Deketkulon Tahun 2023, mengucapkan terima kasih atas Partisipasi, Bantuan dan Dukungannya kepada :
Perumda BPR Bank Daerah Lamongan (Sponsor Utama)
Bapak Budi Sulis Setyo Anggota DPRD Lamongan
SPBU Deketkulon
Toko Family sebelah Barat
Warkop, Depo Isi Ulang Nada
Bapak Drs.H. Dahlan, MM
Bapak Satriyo
Bapak Sunarno
Bonansa Motor
Bapak Tarto TNI
Bapak Birowo (UD Mebel Borowo)
Bapak Abdul Hadi Deket Permai
Bapak/ Ibu Feryanto Deket Permai
SUSUNAN PANITIA PHBN PROKLAMASI KEMERDEKAAN REPUBLIK INDONESIA KE 78 TAHUN 2023
Pembina : Drs. H. Dahlan, MM
Ketua Pelaksana : Mujjiburohman, S.Pd,M.Pd
Sekretaris : Haris Bashory ismail, SE,MM
Bendahara : Kusnomo, SE
Koordiantor
Sie Lomba : Margono, Ir
Sie Jalan Sehat, Senam : H. Tri Joko Mulyoto, S.Pd
Sie Acara & Resepsi : Katut, SE
Sie Perlengkapan : Sutarsono, S.Pd,M.Pd.
Sie Keamanan : Satriyo Tanjung
Sie Konsumsi & Bazar : Ny. Dahlan
TIM LOMBA
Adi Supatmo, SE
M. Fajar Saifudin, S.Pd
Achmad Rafi
Miftah
Aditya Zaka S
Fariz
Rizky Pradana
TIM ACARA DAN RESEPSI
H. Mastoto, SE, MM
Mardiyono, SH, MH.
M. Zainudin, SH
Sutarto (TNI)
Bahrudin Yusuf Febri
Indra
TIM PERELENGKAPAN
H. Yahya Ahmad
Azizul, SE
Moch Effendi, SE
Mubarok, S.Pd, M.Pd
Drs. Didik Hadi Effendi
Ardi
Susilo
TIM KEAMANAN
Ali Hasan (Purn POLRI)
Arifin ( Satpam )
Mat Sa'i
TIM KONSUMSI & BAZAR
Bu Suwadi
Bu Haris
Bu Kusnomo
Bu Mujib
Bu Purnomo
Bu Mardiyono
Bu Joko
Bu Mulyono
Bu Sutarto
Bu Sutarsono
Bu Mubarok
Bu Faiz
Bu Supriyanto
Bu Efendi