Saatnya belajar tema 7 :)
Lagu Tembang Macapat Jawa: Sekar Pocung Laras Slendro Pathet Manyura 38 Wanda - Ilham Guntara
KD 3.1 - Memahami Tembang Macapat Pucung
Watake Tembang Pucung
Watake tembang pucung iku nyegerake
Bebas, uga bisa menehi pitutur
Paugeran lan Jinis Tembang Pucung
Paugeran utawa aturan ing penulisan tembang pucung yaiku;
Guru gatra (larik/baris)
Guru lagu (tibaning swara) a, i, u, e, o ing pungkasaning gatra
Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
Ing ngisor iki paugeran tembang Pucung;
Guru Gatra: 4
Guru lagu/swara: u, a, i, a
Guru Wilangan: 12, 6, 8, 12
Jinising Tembang Pucung
Tembang Pucung kang isine bedhekan utawa cangkriman
Tembang Pucung kang isine pitutur luhur
Ing samping/nduwur/ngisor iki tuladha macapat pucung. Ayo padha disimak tembang macapat ana ing ngisor iki Karo bukak LKS Basa Jawa mu halaman 6.
Wacan narasi yaiku wacan kang nyritakake sawijining prekara kanthi runtut saengga wong kang maca kaya-kaya weruh apa sing dicritakake.
Wacanen wacan ing ngisor/nduwur/samping iki kanthi intonasi kang cetha! Banjur garapen formatif narasi Jawa ana ing link ngisor iki!
KD 3.2 - Mengapresiasi Cerita Pengalaman yang Menarik
Crita pangalaman yaiku crita kang wis tau dilakoni dening sawijining pawongan. Jinising crita pangalaman iku maneka warna, ana sing lucu, ana sing sedhih. uga ana sing nyenengake.
Wacanen crita ing nduwur/samping/ngisor! Banjur garapen formatif narasi Jawa ana ing link ngisor iki!
Kapethik saka Buku Basa Jawa Kelas 3 Semester 2. Viva Pakarindo
Nulis crita pangalaman kaya dene nulis crita liyane, mung bedane crita pangalaman kuwi crita kang nyata lan wis tau dilakoni. Ing crita pangalaman uga ana arane tema lan irah-irahan.
Sadurunge gawe crita, awake dhewe kudu nemtokake tema crita luwih dhisik. Tema yaiku punjering crita utawa idhe ing crita, dene irah-irahan yaiku judul saka crita. Sawise nemtokake tema utawa topik crita pangalaman sing arep dicritakake, sapa wae kang ana ing crita, lan kepiye kedadeane.
Sumber:
Belajar Praktis Basa Jawa Kelas 3 Semester 2. Viva Pakarindo. Klaten
Gathukna ukara kang ana ing ngisor iki!!!
Cara nggarape:
Seret gambar awan kang isine ukara lan trepake sing miturutmu bener!!
Dene wis trep kabeh, penet tombol submit! Ben metu hasile!
Klik:
Gladhen babagan KD 3.1 lan KD 3.2
Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi bijimu becik.
Cara migunakake gampang, kaya dene kowe dolanan wae. Carane mung go jempol lan diarahake ana ing awan sing ana ukara (jawaban soale) kang bener. (nek nganggo HP). Dene nganggo laptop lakokake go tanda arah ana ing keyboard.
Gladhen iki wektune mung 12 menit.
Sugeng sinau :)
Gladhen 3.2 Nulis Crita Pangalaman
Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi bijimu becik!!
Bentuk soale TTS (Teka-teki Silang)
Cara garape gampang. Dene isih bingung, kowe bisa nonton tutorial ana link iki