SANDIWARA
Pangertosan
Sandiwara yaiku asale saka tembung sandi (rahasia) lan warah (ajaran). Mula Sandiswara tegese ajaran sing diwulangakekanthi rahasia utawi ora kanthi blak-blakan kang isine ngemot piwulang tumrap para panontone. Miturut arane naskah kaperang dadi 2:
1. Sandiwara tradisional.
Yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, tokoh, dialog, lan gerak gerik kaserahake kabeh tumrap para paraga. Tuladhane kethoprak(jateng), ludruk(jatim), lenong(betawi)
2. Sandiwara modern.
Yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog lan gerak-gerike para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/gerak-gerike ditampilake padha karo naskah kang diapalake.
Unsur intrinsik sandiwara
Unsur-unsur kang kasusun ana ing jerone sandiwra yaiku
1. Tema yaiku underaning perkara kang arupo ide dhasar crita, tema sing dingo ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
2. Paraga lan watake
Paraga utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya
Paraga pambiyantu yaiku paraga kang mbantu paraga utama
Watak yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
3. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune cerita
4. Setting wonten wekdal, kahanan lan swasana.
5. Piwulang yaiku pesen sing ana ing njerone crita.
Wujude Sandiwara
1. Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.
2. Pantomim yaiku sandiwara kang diparagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten music lan ekspresin saking rupane wong.
3. Komedi yaiku sandiwara kangt diparagakake karo geguyonan kang sipate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.
4. Parody yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras)
Istilah ing sajeroning Sandiwara
1. Babak yaiku perangan saka lakon sandiwara, ditandai kanthi mudhune layar utawa matine lampu.
2. Adegan yaiku perangan saka babak sing mung nggambarake sak perangan kahanan ing rerangken babak.
3. Prolog yaiku purwaning crita sandiwara kang nggambarake synopsis, ngenalake paraga, sarta konflik-konflik kang bakal dicritakake
4. Epilog yaiku wasana basa kang mungkasi pagelaran
5. Dialog yaiku pachelaton antarane para paraga
6. Monolog yaiku pacelaton sawijining paraga marang awake dhewe.
7. Mimik yaiku ekspresi utawa owah-owahing pasuryan kanggo nuduhake emosi kang dirasake dening paraga.
8. Pantimim yaiku ekspresi gerak-gerik badan/sarira kanggo nudhuhake emosine paraga
9. Pantomimi yaiku gathukake ekspresi wajah karo obahing awak knggo nuduhake emosine paraga
10. Gestur yaiku obahe tangan, sikil, sirah lan liya-liyane kang dilakokake dening paraga.
lan sapananggulane.